DIMIN NGLAMAR GAWEAN Para kadang sutresna, kula bibar dicritani - TopicsExpress



          

DIMIN NGLAMAR GAWEAN Para kadang sutresna, kula bibar dicritani mas Sunoto, magepokan kaliyan pengalamanipun si Dimin nalika badhe nglamar pedamelan langsung kepanggih kaliyan bos perusahaan. ~ Bos: Kowe bisa komputer ? ~ Dim: Mboten saget .. ~ Bos: Wah ra ketampa kene butuh sing pinter komputer ... ~ Dim: Menawi sekedhik² nggih saget ... ~ Bos: Saya ra ketampa ... ~ Dim: Sebabipun ..? ~ Bos: Mengko kowe ndhak ra kerja malah dolanan komputer thok ... ~ Bos: Kowe wis sarjana ..? ~ Dim: Dereng ... ~ Bos: Ra ketampa, kene butuhe sarjana ... ~ Dim: Nggih mangke kerja nyambi kuliah ... ~ Bos: Malah ora ketampa ... ~ Dim: Sebabipun ...? ~ Bos: Kowe mengko ndhak kerep ra mlebu merga nggo kuliah ... ~ Dim: Samber telung kowe bos, nek ra niat golek pegawe ki ra sah pasang iklan dibutuhkan karyawan ... Amargi saking jengkelipun si Dimin lajeng muntap, nggebrak meja lajeng medal saking ruangan bos. Sugeng ndalu para kadang...
Posted on: Sat, 14 Sep 2013 15:50:17 +0000

Trending Topics



Recently Viewed Topics




© 2015