Isuk isuk Sardot wis dolan ning omahe Sodron sing lagi jagongan - TopicsExpress



          

Isuk isuk Sardot wis dolan ning omahe Sodron sing lagi jagongan ning korsi peninggalan londo sinambi nyukili untu Sardot : wah,jan mulyo tenan urip mu Dron...isuk isuk wis iso nyantai...ngono iku langsung melu ngerneti Mudji Biper gali tambang lak yo kasile lumayan timbang thenguk thenguk Sodron: hehew...yo ngene iki urip ku Dot...katon godhong garing keterak angin,isane mung ngetan ngulon ora jelas...hahahaa (karo nyukili gudhal) Sardot : ngomong ngomong ketone wareg tenan kowe Dron...bar mangan sate semut po....axixixi Sodron : bar mangan peyek busi Dot...huwakakaaa...iki lho,aku mau bar mangan oseng oseng godhong kates nom gaweane bojo ku Dot...yen kowe gelem,kae ning jero isih enek masio mung turahan ku...xixixi Sardot : Your eyes migrain Dron...aku ora doyan yen oseng godhong kates,doyan ku oseng oseng knalpot...hahahaaa....eh ngomong ngomong godhong kates kuwi iso marakno AIDS lho Dron... Sodron : (kaget,geblak seko korsi njuk tangi) haaah...ciyuss kowe Dot...? Sardot : ciyass ciyuss ciyass ciyuss lambe mu koyok irus Dron...yo tenan lah...kowe ngerti Mukri ora...? Sodron : Mukri sing umure nembe 5 taon anake Markonah kae yo Dot...? Sardot : iyo Dron...wingi si Mukri di dulang mbokne lawuh oseng godhong kates terus langsung keno AIDS Sodron : Modaaarrr...ciloko lair bathin...memange si Mukri gejalane piye? Sardot : Si Mukri gejalane muntah muntah..... Sodron : (wedi) Sardot : Awake panas... Sodron : (tutupan rai) Sardot : Nangis ora leren... Sodron : (Nyiapke kain mori) Sardot : Lan sing terakhir..... Sodron : (awake ndredheg) Sardot : ...... . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . ....Mukri ngomong MAK AID MAK AIDS...MAK AIDS...AKU OLA OYAN...AIDS MAK...huwaaaa.. .huwaaaa... Sodron : lambe mu opo durung tau di jejeli s*ftex seken yo dot ! *Sardot mlayu jempalikan nabrak korsi
Posted on: Tue, 24 Sep 2013 15:20:43 +0000

Trending Topics



Recently Viewed Topics




© 2015