Wawancara Kerjo jaman saiki tambah angel/susah: B : Kowe duwe - TopicsExpress



          

Wawancara Kerjo jaman saiki tambah angel/susah: B : Kowe duwe omah opo ora? C : dereng. B : kowe ora iso ketompo nang kene C : Lho kok ngaten? B : Mengko kowe mesti ngajukne utang nang perusahaan. C : Ah.. mboten kok, Sak janipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih. B : malah ora ketompo C : Lho kok ngaten? B : Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong wae, chatting terus. B : Kowe duwe motor opo ora? C : Mboten. B : Ora ketompo C : Lho kok mboten? B : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit. C : Sak janipun gadhah, ning tasih teng kampung, gampil mangke kulo beto mriki. B : Wah ora ketompo. C : lho kok ngoten? B : Tempat parkire wis kebak. B : Kowé wis lulus sarjana tenan? C : sampun pak. B : Ora ketompo, kéné iki golék sing SMA aé, luwih manutan lan mbayaré murah. C : Sakjanipun kulo tasih badhe skripsi B : Malah ra ketompo. C : Lho kados pundi to? B : Mengko kowé kerjo mung ngetik skripsi, lék wis lulus mesti golék kerjo neng perusahaan liyo. B : Kowé seneng guyon ora? C : Mboten pak, kulo serius nék nyambut gawé. B: Ra ketompo. C : welha...kok ngoten? B : Engko konco2mu lan anak buahmu podho stress. C : Sakjané nggih sekedhik2 seneng guyon. B : Malah ra ketompo. C : Lho kok? B : ngko gaweanmu mung ndagel marahi nguyu terus ora podo kerjo. B : Anakmu akèh po sithik ? C : Kathah pak B : ra ketompo C : Sebabipun ? B : Nyambut gawemu ora tenanan mung mikir gawe anak terus C : Lha wong namung anak adopsi, kok. B : Tmbh ora ketompo C : Lho? B : Gawé anak waé aras2en, po manèh nyambut gawé B : Kwé iso Internét ? C : mBoten B : ra ketompo C : Sebabipun ? B : Perushn ora nompo Buta Internet C : sakjanipun nggih saget B : Tmbh ora ketompo C : lha kok? B : ngko gaweanmu mung update status sing lucu. B : Kowe waras? C: waras to Pak. B : Ra ketompo. C : Kenging nopo? B : mengko kowe ora krasan nang kene. C : sakniki pun rodo edan B : ra tak tompo C : sebab? B : mengko sing moco iki ana saingane
Posted on: Sun, 01 Dec 2013 21:33:15 +0000

Trending Topics



Recently Viewed Topics




© 2015