Awan kuwi neng njero bis trans semarang ono gegeran amargo AMBU - TopicsExpress



          

Awan kuwi neng njero bis trans semarang ono gegeran amargo AMBU ENTUT salah sijining penumpang.. Ambune entut kuwi ora umum.. Marai penumpang podho ameh mutah.. sirahe ngelu.. watuk pilek.. awak pegel.. mripat kepyur.. panu,kadas,kurap lan liya-liyane.. amargo serangan brutal bom organik kuwi.. Saknaliko,salah sijining penumpang, anggep wae jenenge Sardot, tangi.. awake Sardot ki gedi sangar tatoan lurd.. Langsung wae Sardot mlaku karo ngendus-endus bangku penumpang,koyo lagi nyelidiki asal ambu gas buang sing ora lulus uji emisi kuwi.. kabeh bangku diambusi karo irunge Sardot.. Lha mestine penumpang kabeh podho wedi.. Kuatir nek diarani pelaku serangan angin neraka kuwi.. Opo maneh Sardot olehe ngambusi campur mendelik.. Hiiiii... Marai deg-degan karo ngompol sitik.. Sakwise nyelidiki seko bangku ngarep dewe,akhire Sardot tekan bangku MBURI DEWE.. Neng kono ono cah enom,kuru,ireng,elek, jenenge sodron. Sardot mlaku alon nyedhaki Sodron.. Sodron wedi tenan.. Dengkule nganti obah dewe koyo lagi njahit nganggo mesin jahit kuno.. Sardot soyo cedhak.. Sodron soyo wedi lan mulai nangis karo gemeteran.. Amargo Sardot mandeg neng sikile lan MENDELIK !!! Sodron : a..ampuuun ooooom.. Uduk aku sing ngentut oooom.. a..aku pa..pancen mau ngen..ngentut ta..tapi pas a..aku neng omahku de..dewe oooomm.. a..aku ora mungkin wani ndholimi wong liyo oooomm.. ampuuuunn oooomm.. (karo mbrebes mili ngisor nduwur) Saknaliko Sardot mesem karo ngomong alon.. Sardot : sing ngarani kowe ngentut ki sopo hah?? Aku ki ... . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . ..mung nge-cek ambune ENTUTKU adohe tekan endi.. Muehehe.. . . *Sodron klolodhen jok bis,,
Posted on: Sat, 20 Jul 2013 04:59:28 +0000

Trending Topics



Recently Viewed Topics




© 2015