** Filosofi Jawa mulangake menawa manungsa iku duwe - TopicsExpress



          

** Filosofi Jawa mulangake menawa manungsa iku duwe sedulur-sedulur gaib kang njangkungi uripe, yaiku: 1. Sedulur Marmarti, kedadeyan saka rasa kumesaring ati lan ngemar-emari awake biyung (ibu) nalika arep nglairake. 2. Sedulur papat, yaiku rohe kawah (ketuban), ari-ari, getih, lan puser. 3. Sedulur tungal dina kelairan, yaiku sakabehing anake titah dumadi kang bareng dina laire utawa kedadeyane. Filosofi Jawa iki pancen akeh sing ora percaya apa maneh mudheng karo karepe. Jalaran pancen arang kang kersa nerangake lan njlentrehake kanthi wijang. Embuh marga ora ngerti apa pancen angel dudutane. Kamangka sejatine baku banget kanggone ngelmu urip. Jalaran kanthi cetha mulangake bab hubungan kosmis-magis antarane jagad cilik (manungsa) karo jagad gedhe (alam semesta).
Posted on: Fri, 27 Sep 2013 14:04:16 +0000

Trending Topics



Recently Viewed Topics




© 2015