KINANTHI Langkung sukanirèng [19] kalbu, kanglingyé dènya - TopicsExpress



          

KINANTHI Langkung sukanirèng [19] kalbu, kanglingyé dènya miyarsi, déné tan ana kang lêpat, wijangé sawiji – wiji, nastiti mêlok tan siwah, kang nyawang lan kang ningali. Hyang Girinata lingnyarum, mring Bathara Éndra malih, hèh kaki iku kawruha, bésuk iku bakal dadi, bêtuwah ing Tanah Jawa, agêmé para narpati. Miwah sagung para nujum, pasthi ngidhêp kawruh iki, sing sapa wruh jatinira, surasa kang dèn rasani, ênggoning rahsa kang nyata, iku manungsa linuwih. Pasthi wruh ing uripipun, sarta wruh ingkang nguripi, têtêping manungsanira, kudu ngawruhi kang mungging, tabangalan ngarsanira, kang sawang–sinawang kalih. Ėlok samar wujudipun, tan jalu datan pawèstri, dudu wandu nora arah, tan manggon uripé suci, mlinjung têngah bawana , tanpa jiwa uripnèki. Wus tan paé lawan ingsun, têtêp manungsa sajati,kosok bali kang tan wikan, marang pangéranirèki, uripé tan paé kéwan, tan bisa amor lan janmi. Mula sira putraningsun, dadiya wawakil mami, ngong wênangkên ngukum ganjar, marang sagunging kumêlip, nanging kaki kawruhana, sanadyan sira wus luwih. Masésa sakèhing ratu, ing tanah sabrang lan Jawi, kang kungkulan ing akasa, kang kasangga ing pratiwi, kabèh kawêngku ing sira, nanging élinga nak mami. Babon ingkang para [20] ratu, nurbuwat wahyuning aji, kawêngku Wisnu Bathara, prajurit lanang ing bumi, musthikaning jagad raya, Bathara Wisnu linuwih. Nadyan Suralaya kulup, yèn tininggal Wisnu mamring, tan ana prajuritira, mung Wisnu prajurit luwih, mula sira nadyan tuwa, jaluka kawruhirèki. Aja pakéwuh nak ingsun, wêruha mring wahyu jati, jatining nugraha tama, Si Wisnu nguni wus dadi, muridé raja pandhita, jêjuluk Sri Ngusman Aji. Iku pandhita pinunjul, lêlanasing Banisrail, dèn titisi Hyang Nur Cahya, mula sira aja sisip, angalapa kawruhira, Si Wisnu ingkang antuk sih. Hyang Éndra putêk ing kalbu, wasana turira aris, kawula inggih sandika, pruwita kadang taruni, kirang pakèwêt punapa, éwa samantên déwaji. Nadyan kuwalik pukulun, nanging anglampahi wajib, istiyar rahayuningrat, nanging yèn kaparêng singgih, pun adhi kadhawuhana, pinanggih nèng wisma mami. Hyang Guru mèngsêm lingnyarum, luwih gampang iku kaki, nanging sira sumurupa, kuwasamu amung lair, Si Wisnu antuk nugraha, pangnyasané lair batin. Bathara Éndra tumungkul, sang Hyang Guru gya nimbali, Bathara Wisnu wus prapta, wotsêkar lênggah ing ngarsi, jajar lan Bathara Éndra, Hyang Girinata nabda ris. Hèh yoganingsun ki Wi-[21]snu, sira srasèhana ngèlmi, lan kakangira si Éndra, mrih golongé kawruh Jawi, lan sualé kakangira, tarbukanên dipun aglis. Wiritna kang kongsi urut, jêr sira nguni kêmurid, marang sang raja pandhita, Ngusman Aji Banisrail, panuksmané Hyang Nur Cahya, yêkti sira wus mumpuni. Sakathahing kawruh putus, wruh marang sandining gaib, martabat jêro lan jaba, sangkan paraning dumadi, panjêr uriping manungsa, kang langgêng ing awal akir. Kang aran nyawa satuhu, kang ngêdhaton cupu manik, paran ing bénjang campurnya, iku patrapna kang yêkti, Bathara Wisnu tur sêmbah, pukulun kalamun mami. Panca purwanda puniku, yèn saking pamanggih mami, tan paé lan panca cahya, déné têrangé kang yêkti, ambêking surya punika, dunungé paningal yêkti. Déné ta pangwasanipun, waskitha sabarang kardi, sagêd wuninga ing pajar, suwung aranira singgih, yèn dalu padhangé sirna, sumusup pêpêtêng sami. Mila ngagêsang puniku, yèn wus mêlèk pasthi guling, déné bumi ambêkira, dumunungé anèng daging, pangwasané datan siwah, murah dunya sih ing akhir. Anganakkên wulu rambut, utawi sarining wiji, sadaya sami ngalêmpak, déné ta ambêking angin, dumunung wontên ing napas, panguwasanipun sami. Lan angin satuhunipun, [22] pan dadi sarining urip, lawan têtalining gêsang, dédé kang amaha suci, déné ambêking samodra, dumunung ing rahsa yêkti. Kuwasa wèh rahsa agung, miraos pêdhês lan asin, wignya ngiyêmkên sarira, rah warata angêbêki, ngagêsang sajatinira, uripé kungkum nèng warih. Gantya langit ambêkipun, dumunung ing jasat yêkti, kaananing badan wadhag, raga sajabaning kulit, déné kanyataanira, kandhanging jagad pribadi. Luguning langit puniku, kakandhang ing jagad jawi, déné kang catur purwanda, punika sayêkti sami, kalawan kang catur cahya, makatên dunungé nênggih. Têtêp nyata têgêsipun, nèng cahya dunungirèki, maligéning gêsang kita, wignya babarakên sami, byar katon sami sakala, titis têgêsé sayêkti. Nèng lésan ing dunungipun, mula pangucap puniki, kudu tètèh tan kênoncat, yèn oncat tumiba nisthip, tatas têgêsé punika, pamirêng dunungirèki. Anganglongakên pangrungu, kudu trus saraosnèki, putus têgêsé paningal, déné wruh sawiji – wiji, ala bêcik kudu wikan, punika watoning adil. Makatên suraosipun, kang panca purwanda yêkti, sami lan catur purwanda, ing mangké ulun mêwahi, ngaturi sual minangka, jangkêping sêdya sayêkti. Makatên ing têmbungipu-[23]n, duk anèng sutamayèki, wontên têmbung catur warna, wingit singit sirung nênggih, jatmika sakawanira, lah punika kados pundi. Bathara Éndra lingnyarum, dhuh yayi panêmu mami, baya mangkéné têgêsnya, wingit iku tan kaèksi, alingan mawa warana, tan gampang dinugèng ati. Arang kang bisa anuju, kajaba janma linuwih, kang limpat tuk wahyuning hyang, déné singit nunggil kapti, padha tan kêna dinuga, tan katon gêlaring budi. Awit sêpi ing panuju, ing karsa têmah mêdéni, sirung rungkut têgêsira, kumukusé napsu nênggih, akarya ribêting lampah, pêtêng têmah anyamari. Nuwuhkên mirising kalbu, déné jatmika puniki, ênêng êning têgêsira, nora rongèh têtêg wani, yèn sinawang karya uwas, wasana ngrêsêpkên ati. Patang prakara puniku, agêming para narpati, tan sabên janma uninga, Hyang Wisnu umatur malih, lêrês kang patang prakara, agêming para narpati. Nanging mung lair pukulun, batinipun kados pundi, sagêdipun botên sêmang, mrih pitados lair batin, Hyang Éndra èmêng ing driya, wasana ngandika aris. Yayi apuranta iku, pun kakang durung mrangguli, mêloké kang catur warna, mula babar pisan yayi, dumukên kênyatanira, liring dunungan puniki. Supaya ngong mèlu wêruh, saking brêkahira yayi, Hyang Wisnu matur pra-[24]saja, wijining dunungan nênggih, wijangipun pan mangkana, wingit têgêsipun yêkti. Guwaya ingkang tan sirung, têgês guwaya puniki, inggih sawarnining cahya, singit punika prihatin, myang napsu sajatinira, warnining urup sayêkti. Sirung makatên liripun, jêjêring janggêrêng nênggih, janggêrêng awarni kantha, déné jatmika puniki, jinêm ing sajatinira, jinêm punika pamanggih. Pamanggih thukuling sêmu, dadosé tan mindho kardi, nanging kajawi punika, wontên martabat kang luwih, pan inggih kawan prakara, aranipun lir puniki. Liyêp ing sajatinipun, sampurnaning rah ing bénjing, yêkti sami dados cahya, layap punika ing bénjing, daging ugi dados cahya, lan luyut punika bénjing. Sampurnaning balung sungsum, nanging yêktiné ing bénjing, inggih sami dados cahya, déné ta lêngit puniki, sampurnaning kulit kita, ugi dados cahya bénjing. Makatên katranganipun, kulit sayêkti yèn dadi, cahya cêmêng déné êrah, bénjing dados cahya abrit, déné daging dados cahya, kang warna kuning dumêling. Sampurnané ingkang balung, dados cahya pêthak pasthi, cahya ingkang catur warna, punika sumrawung nênggih, ingkang dados pancadriya, lajêng sumusup ing bénjing. Mring pancamaya satuhu, cahya wau nulya dadi, u-[25]rub siji astha warna, nulya dadi pancawarni, lajêng dados cahya muncar, mancur nuntên dados malih. Cahya mancorong kadulu, nuntên dados cahya wêning, tan dangu gya dados cahya, gumilang – gilang kaèksi, gumilang tanpa wayangan, ing ngriku wontên kaèksi. Hèh gumêbyar kadi daru, myang mèmpêr kang kilat thathit, ngasorkên sakèhing cahya, cahya sirna sadayèki, nunggil dhatêng hèb sadaya, campuring kawula gusti. Wus tan was sumêlang kalbu, tan nilar bathang ing bénjing, balung daging kulit êrah, wus sirna dadi sawiji, mulih marang hèb sadaya, mung maligi ingkang kèri. Jantung sapanunggalipun, iku kabèh padha nitis, dadi wijining manungsa, bola – bali nuskmèng janmi, yèku sajati kang aran, amoring kawula gusti. Têlas Hyang Wisnu turipun, Hyang Éndra suka tan sipi, myarsa kang rayi turira, wasana ngandika aris, hèh yayi paran yêktinya, jinising alus kang yêkti. Ngrêrisik wadhag puniku, paran antêpira yayi, nyata tan kabalisura, Hyang Wisnu turira aris, kados botên yèn wangsula, margi wus kodrating Widhi. Witing wadhag saking alus, mirit ujar kang sayêkti, kang wus dadi cap – ucapan, ananing sir catur warni, bumi gêni angin toya, pan punika urut saking. Alam wadhag asalipun, sumusup mring alus yêkti, makatên wêdharing kantha, mênggah lêngipun kang bumi, dados wujud badan kita, gêni napsu déné angin. Napas kadadiyanipun, banyu dadi rahsa yêkti, punika dados pratandha, gêsang ing dunya puniki, alus angwontênkên wadhag, saking toya ingkang kriyin. Kaananing rahsa tuhu, rahsa têgêsé kang yêkti, krasa sarèh ing ngagêsang, krêntêg anganakkên singgih, napsu dénapsu punika, ngwontênakên napas singgih. Napas anganakkên iku, raganing manungsa yêkti, mila kamulyaning badan, punika kang kalong dhingin, lajêng napas inGkang suda, lajêng rah suda nututi. Nulya rêrêm nêpsunipun, anulya ngracut kang jisim, ngukut praptaning kasidan, nanging kang tanduk pratitis, pangangkah sarta pangarah, sampun ngantos pindho kardi. Nanging yèn pamanggih ulun, sadaya kawruh puniki, sagêdipun kalêksanan, kanyataan ing pangèsthi, mung kanthi wani lan tatag, ring batin gêlêm nglakoni. Yèn sampun sagêd anggayuh, mantêp têtêg kêndêl wani, nyirnakkên sênêning driya, mung nyiptaa kang dèn apti, kados punika wus cêkap, ringkêsaning kawruh jawi. Mênggah gatining kang ngèlmu, punika sampun nyêkapi, déné kang rungsit punika, êmpan papaning pambudi, patrap lan trap pancèn gawat, arang kang sagêd kawijil.
Posted on: Thu, 18 Jul 2013 15:06:31 +0000

Trending Topics



Recently Viewed Topics




© 2015