jamane wis sarwa "komputer" akeh wong padha keblinger rodha - TopicsExpress



          

jamane wis sarwa "komputer" akeh wong padha keblinger rodha becakmu ya tetep munyer sarapanmu panggah sega pecel jamane wis sarwa "internet" uripmu panggah nguler kembang gethuk tela pendhak rina jamane wis sarwa "supermarket" ing desamu pasarane pendhak kliwon dol tinuku nyang-nyangan kaya padudon golek bati seket repis direwangi adus kringet jamane wis sarwa "androit" bendino gaweanmu ngarit yen bengi nyuluh bekicot jamane wis jaman edan wong lanang ilang gagahe, wong wadon ilang wirange
Posted on: Thu, 03 Oct 2013 09:12:28 +0000

Trending Topics



Recently Viewed Topics




© 2015