B A B I Faedah puniki hikayat saking para sesepuh tiang-tiang - TopicsExpress



          

B A B I Faedah puniki hikayat saking para sesepuh tiang-tiang guna angsal hidayah saking Gusti Maha Suci ugi karomat ipun para Awliya Illahi Ta’ala. BISMILLAHIR ROHMANIR ROHIM. ALHAMDULILLAHI ROBIL ‘ALAMIN WASHOLATU WASALAMU ‘ALA ASHROFIL MURSALIN SAYYIDINA MUHAMMADIN WA ’ALA ALI WA ASH HABIHI WA AJWAJIHI WADURIY YATIHI WA AHLI BAYTIHI AJMA’IN, AMA BA’DU. Mangga sarehening pinten-pinten para ichwan ugi para Ba’dil Asdiqoi kadoh ingkang sami nuhun dipun damelaken Hikayat Babad Cirebon, ingkang jelas dados manah kula geregah. Lajeng tumandang Shalat Istikharoh sepundad ping kalih, ping tiga kepaksa kula damel miturut saking pinten-pinten sejarah babad kuno. Mulai senunggal waktu wonten ing desa Krawang wonten sanunggal Guru Ahli Kuro asal saking Negri Cempa putra turunan saking Syeh Muhamad Yusup Sidik turunan saking Jainul Abidin turunan saking Rosulullah SAW, gadah santri namie Nyi Mas Ratu Subang Kranjang putri nipun Sultan Malaka Singapur. Lami-lami kapireng dumateng Raja Prabu Siliwangi Pajajaran yen ning Krawang iku ana sewiji wanita ayu rupae tur pinter waca ane, tur enak lague enggal Sang Prabu nimbaliki Patih. He… Patih ingwang ngerungu ning Pesantren Krawang ana siji wanita ayu rupae lan pinter waca ane, tur enak lague. Coba pinilikna lawan iya nyata cocok ora sulaya sewiji-wijine mangga matura maring Sang Guru yen iku wanita tek jaluk kanggo Putri Permai Suri Kraton Pajajaran, oli ora oli kelawan dipaksa yen cuala tanding. Kipatih matur sandika kalawan maca kalimah Hong sandika sampun dugi ing ayunan Sang Guru Krawang. Sang Guru tangled sampean sinten ? ugi saking pundi kalian bade kersa punapa ? Jawab Kipatih aja ketambuh kula saking Pajajaran Prabu Siliwangi perlu kaula dipun utus dugi ing sampean perlu kaen tangled rehining Sang Prabu mireng wartos ing riki wonten sanunggal wanita ayu rupae tur pinter waca ane tur enak lague. Upami inggih kaula dipun timbali kaen njaluk pisan perlu kangge Putri Permaisuri Ratu Pajajaran asung boten, asung supaya dipaksa. Jawab Sang Guru eh ….. Kipatih enggih estu wonten Putri Ratu Nyi Mas Subang Kranjang, putri nipun Sultan Malaka (Singapur) dados kula dipun boten saged ngaturaken atawa cegah bilih bawarang ingkang ngawaki matur sae. Patih kaula nuhun pinaggih ngandika Sang Guru : Bayi supaya awake metu, merena iki ana Kipatih perlu arep omong-omong karo awake enggaling catur sampun medal wonten ning ayunan, mangga Kipatih kaget lang-lang ningali ing ayunan Sang Putri sejam boten waged ngucap punapa-punapa tur boten waged kumadep. Akhir sampun wilujeng teros ngandika : Nok bayi Nyi Mas Ratu Putri kaula dipun niki kautus dumateng Sang Prabu Siliwangi Pajajaran yen sampean bade kapundut kangge awak mami. Kawiji ang derek amung mawon Sang Prabu supados diaturi rawud pribadi jalaran lung bake upami kula ka anggap upami batur kados pundi wirang mami. Kipatih wis adoh Sang Putri upami Sang Prabu ora cocok ya isun dewek banget geleme bagjane tambok. Boten dangu Kipatih pamit matur dateng Sang Guru kaula bade pamit, Sang Guru sampun ugi ijini enggal Kipatih sampun medal mangkat. Kalian ngamalaken kalimah Hong. Boten dangu sampun dugi wonten ing ayunan Pajajaran ngeleresi Sang Guru saweg wonten ing palinggihan. Ngandika Sang Prabu : He …. Patih endi oleh-oleh wong ditimbali njaluk putri apa ora kagawa apa sebab-sebab ora kagawa ? Matur Kipatih ujuk uninga gusti kangge kula bukti naken kang dawu-dawu damel enggih estu. Cocok sedaya boten wonten ingkang sulaya malah langkung-langkung amung mawon boten pareng kagawa. Jalaran Sang Putri nuhun pinanggi pribadi duka dalem ingkang dalem maksud, ugi malih punika putri asal saking tanah Malaka (Singapur), putri nipun Sultan Malaka. Ngandika Sang Prabu kalian manggut-manggut, Oh… dadi mengkono saiki ingwang kudu teka dewek iya baik. Terus tumandang kala wan ngamalaken kalimah Hong. Boten dangu sampun dugi ing ayunan ipun Sang guru. Sang guru kaget, ngandika Sang Guru : bagea sarewu nipun panjenengan sinten kalian saking pundi dalem samar-samar, jawab Sang Prabu aja ketambuhan manira kang jenenge Prabu Siliwangi Pajajaran kang mahur wis gawe utusan Patih ujara katolak ora katempa dadi saiki ingwang teka dewek, ayuh gelem ora gelem, oli ora oli tek jaluk masa wurunga. Coba putri ne iku isun tarihi pribadi, enggal-enggal Sang Guru nimbali : He …. Bayi Putri Nyi Mas Ratu kaula aturi medal dewek ing ayunan Sang Guru, Sang Guru ngandika : He ….. Bayi ika ana tamu Sang Prabu Siliwangi perlu kepengen ketemu karo awake, matur Nyi Putri kados pundi magga Rama Guru kula amung inderek kersa. Ngandika Sang Guru : iya peryoga dipanggihi laksana sampun pinanggih Sang Prabu kalian Nyi Ratu Putri, ngandika Sang Prabu : He …. Bayi Nyi Mas Putri awake tek jaluk suhun ning mami perlu kanggo Putri Permaisuri Ratu Pajajaran. Sebab pirang garwa (istri) durung ana kang peryoga kanggo Permaisuri mung pejaba awake kang pantes, dadi saiki awake gelem ora gelem tek jaluk geleme. Matur Nyi Putri : He …. Sang Prabu kangge awak kula kejawi inderek menawi kersa maring mas kawin. Jawab Sang Prabu He …. Bayi pira mas kawine, arep njaluk apa emas sagendel, inten berlian sagendrong ana kabeh, njaluk apa maning tek sediani. Matur Nyi Putri, kula boten kepengen emas, inten berlian boten kepengen sebab Rama kula sampun sugi kiambek. Hong ……….. nuhun mas kawin lintang kerti rintangan kados kalung, ngandika Sang Prabu : He …. Bayi iku barang aheng (aneh) dudu kawehane menusa njaluk kalian bae. Matur Nyi Putri, He ….. Sang Prabu bencana sampean tiang agung kedah waked. Yen boten waked percuma sampean ngaku tiang agung, sebab kula boten butuh punapa-punapa, jalaran masih dipun cukup pidatang ingkang Rama, kang Rama boten kekurangan punapa-punapa. Dados Sang Prabu panas mirengaken omongan nipun Sang Putri. Sang Prabu ngandika : iya becik kalian ngamalaken puji kalimah Hong. Teras mabur nunginggil di kudrat Illahi Wa Irodattihi, Sang Prabu da’wah ing makatul musyarofah. Benere Ka’bah Tullahi Harom. Kalayan Allahu ta’ala nimbakaken tasbih ngeleresi ajengan nipun tiang sepuh Wali Allah. Teras punika tasbih bade sakalian dipun pendet, nanging boten suka datang tiang sepuh wawu : kalian tangled apa sira njaluk iki ?. matur Sang Prabu kula puniki anggane bade mundut kalung jalaran kula bade ngawini sanunggal lare istri nuhun mas kawin puniki kalung. Tiang sepuh tangled sira wong bangsa apa ? Matur Sang Prabu kula bangsa Budha, ngandika tiang sepuh wawu iya ora kena wong Budha ngiyek-ngiyek kalung iki. Sang Prabu bumatur aduh Rama kula nuhun supados langsung pundi, Rama ngandika tiang sepuh : QUL “ASYHADU ALA ILA HAILLALLAH WA ASYHADU ANNA MUHAMMADAR ROSULULLAH”. Mangka lajeng Sang Prabu nuruti ucap Syahadat kali saarti artine. Sampun rampung teras dipun suka aken punika kalung. Teras Sang Prabu tumandang bade wangsul kalayan ngamalaken puji kalimah Hong. Nanging apes boten jalan tegase basah, dados Sang Prabu noleh Rama kados pundi kula boten tiasa wangsul. Tiang sepuh tangled sira mahu merene nunggang apa ?. Sang Prabu jawab kula mahos (maca) kalimah Hong nanging saiki boten mempan, jawab iya bener masa mempane : sebab iku puji-pujine wong laku kufur Na’audubillah Min Dzalik, kul (katakan) BISMILLAHIR ROHMANIR ROHIM. Sikile manjat ing dampal tangane tiang sepuh kalian ngucap BISMILLAHIR ROHMANIR ROHIM. Sanalika iku wis teka ing Krawang ing ayunan Sang Guru kelawan sakedap netra, Pitor Pali Amin Bi kudrat Illahi. Teras nimbali Sang Guru dateng Nyi Ratu Putri, bayi iki Sang Prabu wis hasil. Enggaling carita (singkat cerita), Sang Putri sampun medal enggal Sang Prabu maringaken mas kawin dateng Sang Putri, Sang Putri matur Alhamdulillah ala nikmatil Islam wal Iman. Sampean sampun nyumbadani ing panyuhun kaula Alhamdulillah. Luh mekaten punika saking pentinge kaum wanita kang sampun mengertos perasaan lan insap datang aluse Agama Islam. Lamun tak ucap ari purun sampean Islam kula purun lan meketen punika ucapan kasar, mila boten kangge cara meketen, permila meketen wahu contohe tiang istri ingkang inggadahi siasat lan budi pekerti ingkang alus. Mila mugi-mugi kaum wanita semangga rehining sampun merdeka tegase, sampun ucul saking genggeman penjajah. Sampun ngantos peneka kados ingkang sampun-sampun jalaran tiang punika enggadahi hak piambek-piambek. Mila sampun tinggal tolabul ilmi. Supados insap datang hukum-hukum mengkae kaum wanita boten waked dados babu atawa koki ugi tiang jalar boten dados jongos atawa tukang kebun masing-masing cekeli kewajiban-kewajiban ipun kiambek-kiambek. Akhir kalam sasampune Ratu Putri sampun nampi pepering ingkang dipun maksud. Tiang gali wahu matur dumateng Sang Guru kula tiang kali terima dipun hukumi dumateng sampean. Artos dipun punika kalimah tahkim, dados Sang Guru nerima ing tahkim pun tiang kali wahu. Selajeng dipun waleni kalian wali hakim ingga sampun akad nikah, kalawan sependak enggal dipun bakta ing Kraton Pajajaran. Lami-lami ning tiang krama akhir kagungan Putra jalar dipun paringi nami R. Walang Sungsang antawis tahun kagungan malih Putra istri dipun paringi nami Nyi Mas Ratu Ayu Rarasantang, akhir tahun malih kagungan Putra malih jalar dipun paringi nami R. Jaka Sengara, pun dangu-dangu putra kali sasampun nipun ageng sami wekel rantang rantung kaisad dateng ing Pesantren Krawang. Akhir-akhir ketingal datang Sang Guru enggel Sang guru nimbali : He …. kacung bayi wong loro pada mereneha isun arep takon, iku sira wong loro iku sapa-sapa arane ?. sebab isun masih samar durung pertela, matur putra kali : Rama kula puniki sakalihe Putra saking Pajajaran Putra nipun Prabu Siliwangi. Medal mios saking ibu Ratu Nyi Mas Subang Kranjang nami kula R. Walang Sungsang nami adik kula La Rasantang. Ngandika Sang Guru : Oh …. kacung iku ibu nira murid isun. Isun kirim salam (Asalaamu ‘Alaikum Wr. Wb) lan iku bayi La Rasantang mengko akhir bakal oli jodoh Ratu Islam lan bakal due anak lanang jadi Wali Allah. Tur kang bakal bisa em bedah ka islaman ing tanah Indonesia, tanah Jawa Insya Allah Ta’ala. Akhir Putra kali sampun pamitan, sampun dugi ing dalem kraton enggal matur dumateng kang ibu kalian ngaturaken salam, pun Rama Sang guru Syeh Quro ing Krawang. Kang ibu sampun nampi kalayan njawab ALAYKA WA ALAY HIS SALAM, sareng kang ibu ngandika : cung bayi wis aja maoni-maoni maning bener Sang Guru ngandika mengkono kuh tetapi Rama nira saiki wis ora gelem, dadi sira saiki kang ati-ati lan dongakna isun supaya bisa di gawekaken pesanggrahan ing tanah Banten. Dados saking punika para pemaos atawa para pemireng punika Hikayat nerangaken panjenengan nipun Ki Guru Cirebon punika turunan Islam. Ugi Nyi La Rasantang enggih turunan islam punapa malih panjenengan nipun Syeh Syarif Hidayatullah ibu Rama Sultan, langkung-langkung suci nipun. Milaku la sampean sedaya ing sami teliti sampun ngerusak dateng urusan nasab perlu sanget menjaga turunan Bani nasab. Punika Prabu Siliwangi bade nitisaken ibu Rarasantang punika Islam. Dina akhir ipun wangsul malih dateng Budha punika terserah boten sumerep datang kodo Illahi Wa Qodarihi. Malah wajibe kula tiang Islam Donu Bil Mu’minin Khoyron. Pun sigek pan ku capa : Walang Sungsang kalayan Rarasantang nalika mirengaken nasehat ipun Sang Guru Krawang, dateng umum mekaten : sapa-sapa wong kang maca Shalawat Tafrijiyah ambal kaping sewu ingga jaman patang puluh bengi kalian nuli-nuli Insya Allah diparingi waked pinanggih kalian Gusti Rosulullah SAW. Dados Walang Sungsang kalayan Nyi Rarasantang saban-saban dalu boten sare-sare yen dereng rampung maos Shalawat kaping sewu, akhir dalu Jum’at kinten-kinten jam sanunggal Walang Sungsang layap-layap bay nanaum walya kodoh. Kados-kados wonten tiang jaler bagus rupane tur wangi dandane awes Salam (ASSALAMU ‘ALAYKUM WR. WB) dipun jawab WA ’ALAY KUMUS SALAM. Lajeng ngandika : kul baca Syahadat, teras Walangsungsang nuruti kalawan pengucap Syahadat “ASYHADU ANLA ILA HAIL ALLAH WA ASYHADU ANNA MUHAMMADAR ROSULULLAH”. Lajeng Gusti Nabi dawuh : sira gulatana Agama Islam kang sampe ketemu, sebab wong ning dunia iku ora bisa dadi wong mulia yen ora agama Islam. Dadi saiki sira aja enak-enak meneng ana ing kraton, sebab dunia iku bakal rusak ora langgeng. Matur Walang Sungsang sampean punika sinten ?. Gusti Nabi jawab isun Rasulullah Nabi Muhammad Bin Abdillah kang bangsa umil Quro, … lap ilang. Lajeng Walang Sungsang kaget ngelilir tasbihe ucul kelangan Gusti Nabi wis ora ana inggal kandane mawon merit-merit wangi banget ora nana pada-padane, sehingga Walang Sungsang ngongon keton ngantos dumagi enjing boten medal-medal. Sehingga Rama Prabu kelangan (geger). Walang Sungsang ning endi durung keton ?. sebab Rama Prabu punika sangat senenge datang Walang Sungsang. Pinten-pinten putra kang paling dikasihi inggih punika Walang Sungsang. Permila menawi Walang Sungsang dereng ketingal, masih geger mawon. Akhir Walang Sungsang medal saking kamer ipun ketinggal mesum ngungun wangun tiang pusing. Lajeng kang Rama dawuh : Eh …. Putra Walang Sungsang sira iku kenang apa ? rupae mesum kaya kang lagi sakit, apa kang sira rasa apa sakit tah ?. Matur Walang Sungsang boten, apa sira wis kepengen rabi tah ?. matur Walang Sungsang dereng kepengen la… iku sih apa kang matek dadi pusing ?. sebab iki ana ning kraton ora kena ana wong pusing matek dadi sengsara (sangar). Lan iki kraton bakal kanggo sira, wis aja pusing-pusing kang seneng-seneng bae. Wong ning dunia aja akeh pusing. Sebab ari mengko sih duruan karuan, saiki pung-pung ning dunia ayo sekarep ira kang di pengeni kita turuti. Ing iku mulai Walang Sungsang gaduh pengerti yen kang Rama iki salah penemune dipun akuraken kalayan dawuh Gusti Nabi boten akur, ing mangka Walang Sungsang sampun kalebetan iman kang suci. Dados matur mekaten pematur ipun Rama kula kala wawu daluh nyumenah pinanggih kalian tiang jaler sae rupine, wangi kandane menjang syahadat kali kalian ngongkon kula kayen agama Islam, sebab tiang boten waged mulia ning dunia niki yen boten laku Islam oge dunia iki bakal rusak boten langgeng dados kula punika nyuwun ijin bade ngilari agama Islam. Ngandika Rama : Eh ….. kacung bagus iku impian ora bagus ora kena diturut mantek sengsara, sira metu saking kraton aja sira eling ora nana agama bagus kejaba iki kang tek lakoni ning wong iki, sebab agama turunan. Matur Walang Sungsang Rama nyuwun ijin kang Rama alus kacung sira aja nuruti hawa nafsu iku ora bagus aluk sih nayub, pesta lan lia-lia ne arep pirang bengi bae ora pa-pa ketimbang sira lunga ora karuan, Walang Sungsang mundak tambah ngerti yen Ramane omonge ora cocok. Ujara wong nuruti hawa nafsu iku ora bagus, nanging ngongkon seneng-seneng nayub pepestaan dadi omonge ora cocok karo pikire Walang Sungsang, dados Walang Sungsang matur malih, Rama kula bade ngilari Agama Islam nyuwun ijin kang Rama rupane dede kerepe dados bendu Walang Sungsang, sira tek sangka-sangka ora gelem, sira wong bodoh dienak aken ora gelem, iki Kraton kanggo sira apa karepe sira, Walang Sungsang maksa Rama kula nyuwun ijin bade ngilari Agama Islam, kang Rama bondu banget Walang Sungsang sira yen ora nurut ning ing wong becik mampusa saiki uga wis ora kena meneng suwe-suwe ing kene mantek dadi sangar bae. Walang Sungsang ngeraos lega manaifun sre ning kang Rama sampun ngijini sinahos rupine bendu tapi tekade Walang Sungsang iya semonten idine, enggal Walang Sungsang pamit medal saking Kraton. Kaliyan bengor cahyane tur seneng lampahe ngidul, ngetan parane njujug Gunung Merapi sebab wonten wangkid dawuh. Awal wajib A’LAL INSAN MA’RIFALUL ILLAHI BISTIQONI dados Gunung Merapi punika mbakta arti : JABALI AWWALI MARIFAFIL ISLAMI pun sigeg pan gocapa Walang Sungsang manjing metu alas nanjak gunung turun gunung kaliyan ngamalaken Solawat Tafrijiyah. Ngerasa langen tafakur mikiri kejadian-kejadian kang ana ning alas atawa kang ana ning gunung. Mangka boten dangu Walang Sungsang nampi wakid mekaten. He… Walang Sungsang MAN TAFAKURO BIL A’ILLAHI TA’ALA SA ATAN KHAIRUM MIN IBADATI SITTIM SAMTAN. Dados Walang Sungsang tambah mantep anggane lelampahan wonten ing alas. Pun sigek pengucapan Nyi Rarasantang ing waktos dalu senen wanci jam setengah tiga saweg ngamalaken Solawat Tafrijiyah. Layap-layap baenan naum wal yaqdoti nyupenah pinanggih kalayan tiang jalar sae rupine, wangi gandane teras awek salam teras dawud Kul : ASYHADU ALA ILAHA ILLALLAH WASYHADU ANNA MUHAMMADAR ROSULULLAH. Teras Nyi Rarasantang nuruti ngucap syahadat. Sasampune rampung anggane maos syahadat kalayan arti-arti nipun. Teras dawud susulan kakang sira lagi nggulati agama Islam, wis aja suwe-suwe, meneng ning kraton. Nyi Rarasantang tangled panjenengan sinten, jawab Gusti Nabi Rosulallah Muhammad bin Abdillah. Nyi Rarasantang kaget tasbihe ucul bayar malik wis ora nana sapa-sapa. Dados Nyi Rarasantang enggal muruki kolah, teras toya wudhu, teras shalat syukril wudhu. Enggal waktu subuh teras shalat sunnah subuh, teras Shalat fardhu Subuh. Rampung shalat, rampung aurad teras mandap lolos saking Kraton perlu nuruti dawuh ipun wahu ngilari kang raka Walang Sungsang lampae ngidul ngetan manjing alas metu alas nanjak gunung turun gunung kalawan maos Shalawat Tafrijiyah. Dugi dumanteng ing gunung Tangkuban Perahu pinanggih kalayan Ibu Endang Sukati ngaleresi Nyi Rarasantang saweg lempah lan rasukane rowek ronteng nusuk lulur suku, ngandika ibu Endang Sukati : aduh bayi wong ayu rupae, sira sapa lan arep ngendi uga putrane sapa melas temen, bayi sira ing kene tanpa roang ayuh… bayi mrene. Lajeng Nyi Rarasantang dipun bopong dipun bakta ing jero gua terus Nyi Rarasantang weleh orane lan tempat turune. Pun sigeg pan kucapa : Walang Sungsang sampun dugi ing andape Gunung Merapi pinanggih kalayan sangyang Danuarsih, kaget sangyang Danuarsih ningali wong bagus rupane pakeane rowok ronteng, kacung sira sapa lan saking endi oga arep ning endi ?. matur Walang Sungsang kula putra Pajajaran Walang Sungsang namie kula perlu bade puruhita ngilari Agama Islam, ngandika sangyang Danuarsih Eh ….. kacung iya ingsun ngerungu tembang rowat-rowat ujare bakal teka Agama Islam. Tapi rama durung katakan bok munawa mengko satlanjung maning, wis saiki ayoh bayi pada munggah bae ning puncak gunung niki mengko ketemu jodoh sira, teras munggah munjuk Nyi Endang ayu iki bakalan sira wis teka agi-agi gaweha sesuguh kang enak-enak. Enggaling carita sampun dipun suguhi sampun lajeng dipun tari saking baguse Walang Sungsang supaya bisa ketemu karo kang digulati ira nurut mawon, teras akad nikah secara nikahe wong jaman semono. Ia lajeng nikah sigeg pangucapa : Nyi Rarasantang tangled datang ibu kula nyuwun dipun tuduh haken kakang kula Walang Sungsang wonten ing pundi ?. jawab Nyi Endang Sukati : bayi ibu ora weruh ning kakang ira, mengko ning orgaliung ana Ki Ajar Sakti bok menawa iku kang bisa nuduh aken. cung bayi iki ibu aweh tumbal Klambi Si Dewi Mulya arane lumayan kanggo jimat, watake nganggo klambi iki yen melaku ora temampel ing lemah, yen ning banyu ora bisa kelem yen ning geni ora bisa kobar tampanana bae lumayan ing riku kembang-kembang klambi ana tulisane ungal ipun mekaten : ............. KHOLIDINA” pangucapa rasukan wauh enggal dipun tampi kalayan matur kasuhun paparingipun kang ibu kula bade lajeng, teras mlakune kaya kegawa ning angin boten dangu wis dugi ing Argaliung Ki Ajar Sakti wis undang-undang bayi merenea sira arep nggoleti kakang sira R. Walang Sungsang, ika wis teka ning Gunung Merapi malah-malah wis kawinan karo anak Sangyang Danuarsih, Endang Ayu arane. Lan awake saiki tek jaluk arane Nyi Ratna Eling, sebab besuk sira olih jodoh Ratu Islam tur bakal olih anak lanang kang bisa ngislamaken ambedah tanah Indonesia, dadi saiki sira yen arep pengen ketemu karo kakang sira iya paranana Gunung Merapi ngidul ngetan. Pun sigeg pangucapa ing lebet kraton Nyi Mas Ratu Subang Kranjang saweg nangis mawon wonten ing pangkune Sang Prabu. Aduh Raka menawi putra saiki boten pinanggih kula suka pejah mawon, ing riku sang Prabu sanget runtike enggal ngumpulaken Patih, Menteri-menteri, Punggawa-punggawa kumpul sedaya sang Prabu ngandika : He …Patih supaya dadi kaweruhane iki putra loro lolos saking Kraton dadi saiki ngundara haken mentri-mentri, punggawa-punggawa supaya budal nggoleti putra loro. Ora kena balik yen durung ketemu, yen balik mangka ora kegawa den tigas jang gane atawa wong kang gelem ngerawati ing putra loro mangka ora rapot iya oga den tigas janggane, wis enggal pada mangkat, lakune ngalor ngidul ngetan ngulon ana kang laku dedemit, laku satoan, laku siluman, laku macem-macem werna rupa. Akhir sampun nutug aken lakune Nyi Ratna Eling tumelarap kados angin akhir teka wis ing Gunung Merapi saweg liren ing andap ipun Gunung Merapi keleresan Pangeran Walang Sungsang saweg mendap ningali wonten Rai Rarasantang nipun tubruk nanging rerangkulan, aduh bayi sira karo sapa lan weruh sing endi isun ana ning kene ?. lan wong lagi enak-enak ning kraton kesampe metu apa sebab-sebabe ?. Nyi Rara Santang matur awit saking kawitan hingga sampe dugi ning akhir kalam kabeh cocok dados rangkulan, kaget Nyi Endang Ayu ningali rakane saweg rangkulan kalayan tiang istri sanes. Dados gembar-gembor aduh rama tiwas-tiwas rakaku lan saweg demenan kaliyan tiang sanes, enggal Rama Sangyang Danuarsih temurun kalayan alok-alok : aduh kacung sira aja gawe jorok kang ora bagus iku wong sapa ?. Jawab Walang Sungsang, Rama puniki adik kula sa Rama sa Ibu sanes tiang bintu. Dados Sangyang Danuarsih gembar-gembor bayi merene ya iki sedulure kakang ira, dudu wong lain. Teras Nyi Endang nubruk bareng-bareng kalih Rakane wis akhir wilajeng. Pun sigeg pengucape Nyi Ratu Subang Kranjang saweg nangis mawon. Akhir lami-lami dados dipun turuti penjalukan damel pesanggrahan ing Banten ing riku tambi lega pikirane. Pun sigeg pangucapa Sangyang Danuarsih saweg maringi pinten-pinten wasiat jimat saking leluhur, Eh .… kacung bayi rehining Rama durung bisa maringi keterang-keterangan Islam. Dadi saiki Rama lumayan iki tampanana watu ali-ali ampel watake bisa weruh ing barang kang gaib-gaib uga kena kanggo rerawat apa bae bisa manjing tur selamat lan apa kang di seja laksana bisa hasil. Lan iki lumayan kelambi kamemayan lan kelambi pengabaran, lan kelambi pengasihan iki watake kelasbi kamemayan yen di anggo bisa samar di tinggal maring musuh atawa wong kang niat dolim. La ora bisa tumama ing riku kembang-kembange godong wonten tulisane Kelambi Pengabaran watake wani ing musuh ora gimir ningali wong akeh lan wong siji pada bae. Kembang-kembange godong ana tulisane meketen : ......... YAKIN” lan watake diturut maring sekabeh mahluk jin, syetan, merkayang, lan lain-laine. Iku watake kelambi pengasihan kembang-kembange godong ana tulisane meketen : .............. MUTTAQIN”. Walang sungsang sampun nampi kalayan matur kasuwun. Lajeng matur dastakaken kados pundi rama Agami Islam wonten ing pundi ?. jawab Sangyang Danuarsih kacung saiki becik awake guguruhan maning ing Sangyang Naga, bok menawa iku kang bisa nuduhaken anane ing Gunung Ciangkup, Walang Sungsang matur pamit. Enggaling cerita sampun dugi wonten ing ayunan Sangyang Naga. Kaget Sangyang Naga kacung sira sapa lan saking pundi uga arep ning endi ?. matur kula Walang Sungsang asal saking Pajajaran putra nipun Prabu Siliwangi. Rama kula bade puru hita agami Islam. Jawab Sangyang Naga kacung Walang Sungsang isun durung katekanan agama Islam enggko sedelat maning malah-malah sira kang bakal kawitan olih kang tur kang bakal anggelar-gelaraken ing agama Islam iki. Daene saiki isun durung katekanan mung bae iki lumayan tumpunana kanggo jimate wong kang anggelar-gelaraken agama Islam. Supaya bisa hasil serta selamat iki tampanana bae: Ilmu Kadewaan kanggo supaya kukuh agamane aja lali-lali. Ilmu Kapilisan kanggo supaya diasihi maring sekabehe. Ilmu Keteguhan watake supaya bisa kuat ora mempan maring sekabehe. Ilmu pengirutan watake supaya bisa narik maring sakabehe. Rupa perkakas golok cabang watake yen dianggo singa-singa kang ketibanan golok iki mesti ajur, kumur gunung-gunung ajur lebur, kayu-kayu pada kobar, banyu-banyu pada asat. Wis tampanana iku kabeh, Walang Sungsang sampun nampi ing jimat-jimat sedaya kalayan matur kasuhun ribu kasuhun, kalayan kula matur Rama nuhun pituduh kang kagungan agami Islam wonten ing pundi ?. ngandika Sangyang Naga, kacung saiki sira bacik guguruha bae maning ing Sangyang Naga ing gunung Kumbang bok menawa iku kang bisa meruhaken. Walang Sungsang matur ribu kasuhun, lajeng pamit. ggaling cerita sampun perapta (dugi) ing ayunan Sangyang Naga. Sangyang Naga kaget kalayan ngandika : Eh …. kacung sira sapa lan saking endi, lan arep ana gawe apa ?. Walang Sungsang matur kula saking Pajajaran putra ipun Prabu Siliwangi nami kula Walang Sungsang perlu bade ngilari agami Islam. Ngandika Sangyang Naga : He …. kacung Walang Sungsang Agama Islam iku durung ketekanan iya isun ngerungu ujare teka bakal teka malah-malah bok menawa iya awake kang bakal olih dingin. Mila Rama iki arep maringi jimate wong kang bakal agama Islam supaya kukuh uga supaya selamet. Iki tinggalan saking leluhur para sepuh-sepuh : Ilmu Kesakten Ilmu Limunan Ilmu Aji Titi Murti Ilmu Aji Dipa Iki kabeh mengko guru Islam kang bisa nerang-nerangaken ing arti-artine, lan hikmat-hikmate iki kabeh tampanana lan rawatana aja sampe ilang poma-poma isun mung darma ngerawataken iya iku pancen jimate wong kang cekel agama Islam supaya selamet. Walang Sungsang sampun nampi sedaya kalayan matur kesuhun ribu kesuhun. Sang guru ngandika kamalih : kacung Walang Sungsang isun nampi wangsit iki tampanana maning saking leluhur-leluhur : Kelambi Waring Topong Waring Umbul-umbul Waring Batok Bulu kanggo bedong ki kabeh ana hikmahe lan faedahe namung Rama ora kaidinan nerang-nerangaken, mengko guru nira kang bakal nerang-nerangaken. Lan sira teka bae ning gunung Cangak. Ning kono ana Ratune Bango, iku akalana kang sampe kena sebab iku kang bakal bisa nuduhaken ning guru sira kang bakal muruk agama Islam ing sira, wis peparing Sang Rama mung semono, Walang Sungsang matur kesuhun ribu kesuhun, kalayan matur pamit, jawab iya. Enggaling carita, Walang Sungsang kaget ningali wonten wiwitan sanget inggil ipun kinten-kinten gangsal atus meter, wallahu ‘alam ageng ipun. Walang Sungsang kabengan ningali bango kabeh sawiwitan boten uning pundi ing kang dados Ratu mangka ujare uguru wangkid, akon ngakali kang sampe kena. Enggal Walang Sungsang damel kesakten kanggo kelambi waring, topeng waring damel wadong dipun pasang ing inggil wiwitan dipun lebeti ulamu deleg lajeng Walang Sungsang umpetan boten dangu Ratune Bango mendap sanget ageng ipun miwal saking liyane. Uga Bango liyane bubar, teras Ratune Bango enggal nutul ulam deleg wahu, lajeng Walang Sungsang enggal cekel gulune bongo teras dipun ungkuli golok cabang. Sanget gusti tiang bango lajeng tulung-tulung menusa jaluk tulung isun jaluk urip mengko yen isun diuripi tek tuduhan kang due agama Islam, lan tek uruki jimat warna tiga pangucapa Sang Bango, dipun uculaken lajeng sang bango mabur kang limuyah ayoh susulan isun ical bango, ical wiwitan, ical gunung lajeng Walang Sungsang lengleng kalayan kados lari saweg manggut-manggut kaget ningali wonten griya kraton indahipun boten dangu kaget ningali larae balae sekawan dasa, perlu bade ngaturi linggih dateng Walang Sungsang. Enggaling cerita, sampun saneg eca-eca linggih kaget ningali wonten tiang linggih sareg dados Walang Sungsang tangled sampean sinten ?. ngandika tiang wahu : aja tambuh isun iku iya mahu kang njaluk tulung urip iya iki Ratune Bango lamun isun sida dipateni yakni awake ora bisa ketemu karo kang muruk agama Islam. Tetapi sarehening awake wong kang andu weni wewelas iya iku kang bakal bisa anggelar-gelaraken agama Islam. Sebab agama Islam iku agama alus, agama tentrem, agama suci, agama penerangan, agama damai, agama merdeka. Dudu agama paksaan, dudu agama benci-bencian yen dudu agama serobotan, agama kang paling aris. Mila saiki isun arep ameh jimat telung warna : Panjang Pendil Barang kabeh iku mengko kang bakal meruhaken hikmahe iya iku guru nira. Lan iku guru nira ana ning Gunung Jati wis oli telu tahun lagi nganti awake mula saiki wis aje-aje mengkata Walang Sungsang benyar benghar tur seneng enggal pamitan. Lajeng Ratune Bango rikas poma-poma isun njaluk di elingi aja sampe lali. Pangucap Syeh Nurjati saweg ngimpi ana tamu wong telu, lanang siji, wadon loro, durung takon kaget ana tamu temenan. Kula nuwun : jawab manggo, bijar melek nyata ana tamu wong telu, selajeng Syeh Nurjati enggal-enggal tangled : oh… kacung sira sapa lan saking endi uga arep apa matur Walang Sungsang puniki adik kula namie Rara Santang puniki istri kula namie Endang Ayu asal kula saking Pajajaran putra nipun Prabu Siliwangi perlu bade ngilari agama Islam. Ngandika Syeh Nurjati kacung sira turunan Budha apa sebabe dadi nggulati agama Islam ?. lan maning weruh ning sapa dadine enjujug merene. Walang Sungsang matur saking kawitan sampe tamat Syeh Nurjati ngerunguaken ing pemature Walang Sungsang cocok kabeh ora nana kang luput. Selajeng ngandika Syeh Nurjati : “ALLAHUMAJ ’ALNA YUHYI DINUL ISLAMI MIN YAW MINNA HADA ILA YAUMIL IQO INNALLAHA SALIMIN. AMIN…” WAQULU : “ASYHADU ANLA ILAHA ILLALLAH WASYHADU ANNA MUHAMMADAR ROSULULLAH” Teras tiang tiga sami nuruti ngucap : “ASYAHADU ANLA ILAHA ILLALLAH WASYHADU ANNA MUHAMMADAR ROSULULLAH.” teras dipun pertela aken arti-artine sehingga marem sanget. TAMAT WALLAHU A’LAM BISH SHOWAB Bade dipun sambung kalian jam 2.00 mugi-mugi Gusti Allah ngabul lan upami wonten ing kang lepat atawa seratan ipun kurang terang muji kersa panjenengan ngapunten.
Posted on: Wed, 21 Aug 2013 03:33:10 +0000

Trending Topics



Recently Viewed Topics




© 2015