Critane sardot ki bebojoan karo juminten.. Amargo kondisi ekonomi - TopicsExpress



          

Critane sardot ki bebojoan karo juminten.. Amargo kondisi ekonomi sing kurang-kurang, juminten nekat lungo ngrantau dadi buruh pabrik neng jakarta, lha sardot sing pengangguran ditinggal neng omah, karo Ngopeni bapakke juminten sing jeneng sodron.. Amargo kangen, bengi kuwi juminten nelpon sardot.. Sardot : piye kabare dek? Juminten : apik mas.. kabarmu lan bapakku neng ngomah piye mas ? Sardot : apik dek.. aku... Sodron (langsung watuk) : UHUK.. UHUK.. !!! HOEX CRUT !! Sardot : rasah lebay paaak.. Iyo.. Iyo..!! Aku ngerti bapak ora sehat!! Huh !! (karo mbanting hape) Juminten : xixixi.. Awit mbiyen karo bapak mesti ra akur lho.. Ealah mas.. Sardot : iyo jum.. Bapakmu iki pancen wes wayahe mlebu museum kok.. Muehehe (mrongos) Sodron : (mendelik karo ngangkat kursi roda) Sardot : mak..maksudku bapak pengen dolan museum dek.. (wedi) Juminten : xixixi.. Mas sardot ki pinter ndagel.. Marai kangen mas.. Emuach!! Sardot : aku yo kangen dek... Tapi karang dewe adoh... Aku mung iso titip pesen wae kanggo kowe.. Juminten : pesen opo mas?? Sardot : aku pengen awakmu neng kono ojo dadi wong KALEM yo.. Juminten : hah?? Lha kok ora oleh mas?? Sardot : maksudku KALEM ki.. . . . . . ...naKAL lan geLEMan.. Juminten : aah.. Mas sardot ki lho.. Iyo mas.. Sardot : Aku yo ora seneng yen kowe dadi wong SABAR dek.. Juminten : lho.. Kok iso mas?? Sardot : maksudku SABAR ki.. . . . . . ...SAben mangan koyo BARongan!! *juminten tibo glangsaran Sardot : nek mangkat kerjo ojo RAJIN-RAJIN yo dek.. Juminten : kepiye sih mas ?? Sardot : maksudku RAJIN ki.. . . . . . ...RA tau adus nganti rupane koyo JIN !! *juminten ngantemi kancane Juminten : xixixi.. Bojoku ki pancen lucu tenan.. Sardot : sardot geto looh.. oh iyo dek.. Tulung neng kono kowe bendino MABUK yo?? Juminten : OPO??? edian kowe mas!!! Mosok bojomu dikon mabuk??? Sardot : ojo nesu ndhisik dek.. maksudku MABUK ki.. . . . . . ..MAri kerjo langsung buBUK.. *juminten kloloden power bank Sardot : aku yo pengen awakmu dadi wong GEMBLUNG.. Juminten : hah?? peso endi peso?? (emosi) Sardot : sek to.. Maksudku GEMBLUNG ki.. . . . . . ..GEMi.. ora Boros Lan kulino naBUNG.. *juminten salto mubeng kamar Sardot : ugo dijogo sifat ANGKUH-mu yo.. Juminten : opo maneh iki..? Huh.. Sardot : maksudku ANGKUH ki.. . . . . . ...ora gampANG selinKUH.. *juminten manthuk-manthuk Sardot : sing terakhir dek.. Juminten : o..opo mas..? (mripate berkaca-kaca) Sardot : dadio wong sing KEMAYU.. Juminten : maksudmu opo mas?? (karo mbrebes mili) Sardot : maksudku KEMAYU ki... . . . . . . .. KElingan terus MArang gusti Yoiku sing gawe Uripmu.. Juminten : HUAAAAA!!! MAAAASS !!!!(mewek jaran) Sardot : dalem dek? Juminten : suwun yo mas.. Bakal tak turuti kabeh omonganmu mas.. Hiks.. Hiks.. Sardot : Alhamdulillah.. Aku melu seneng dek.. Yo wes saiki awakmu ngaso wae dek.. Uwes mbengi.. Juminten : iyo mas.. Tapi aku pengen ngomong karo bapak diluk yo mas..? Sardot : iyo dek.. Paaak.. iki anakmu pengen ngomong.. nyooh!! (karo nguncalke hape) Sodron : halo? Piye nduk?? Iki bapak.. Juminten : aku titip mas sardot yo pak.. Sardot : (mbenekno kerah klambi karo mesem) Sodron : iyo nduk.. Bojomu sardot ki bendino MANUT bapak kok.. Sardot : (sisiran karo nyanyi) Juminten : iyo pak.. Mas sardot ki ngajeni bapak kok.. Kabeh omongane bapak mesti.... Sodron : woi !! uduk kuwi nduk.. Juminten : lho opo pak?? Sodron : maksudku MANUT ki.. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . ... MAngane nuNUT !! . . . *sardot mendelik karo ngentut
Posted on: Wed, 06 Nov 2013 16:20:15 +0000

Trending Topics



Recently Viewed Topics




© 2015