Nduk...cah ayu ........ Sejatine kang aran bagus lan becik iku - TopicsExpress



          

Nduk...cah ayu ........ Sejatine kang aran bagus lan becik iku dudu rupane, dudu pangkate, lan dudu bandhane. Ananging kang aran bagus lan becik iku, wong lanang kang perwira, kang ora gelem sembrana karo wong wadon kang ora samestine. Wong lanang kang perwira duwe tumindak tatakrama lan seneng tetulung kanti aris lan sabar. Wong lanang kang perwira kuwi babar pisan ora nduweni watak adigang, adingung, adiguna tuwin sregep banget anggone ibadah lan nyambut gawe. Mula aja sepisan-pisan sliramu ngenyek wong lanang kang katone ora duwe bandha. Aja dumeh saiki dheweke lagi mplarat, banjur sliramu tega nyepelekna. Sawangen kae wong wadon sing uripe ning kutho, sing nduweni pikiran kadonyan, "materialistik". Uripe mung tansah susah mikir bandha. Kaya manuk klabakan ana sajroning kurungan, mung tansah ngerkasa lan ora diparingi seneng uripe dening Gusti Allah. Apese wong kaya ngono kuwi, nalika diparingi kesenengan bandha lan pangkat nuli gumedhe lan medhit....
Posted on: Tue, 20 Aug 2013 16:43:18 +0000

Trending Topics



>

Recently Viewed Topics




© 2015