Ramalan Bintang Zodiak Jowo Ramalan jodiakmu dino iki: 1. - TopicsExpress



          

Ramalan Bintang Zodiak Jowo Ramalan jodiakmu dino iki: 1. Pirgo Penggawean sing cocok: dodhol blewah karo jengkol. Keuangan: dedel duwel. Asmara: golek sing rodho genah lan waras. 2. Akuwarius Penggawean sing cocok: Dodol ondho karo gedek. Keuangan: nyilah-nyilih tonggo. Asmara: Sedelok engkas jomblo,dikepret calon mertuwo. 3. Piskes Penggawean sing cocok: mikuli galon, mangkal ngojeg nang protelon. Keuangan: Ledeh kabeh, kakehan nogel. Asmara: jare morotuwo "aku golek mantu tp gak koyok raimu". 4. Ariyes Penggawean sing cocok: angon wedhus,mbecak. Keuangan: kakehan utang, tombok terus. Asmara: upgrade-en disik dapuranmu. 5. Tawurus Penggawean sing cocok: dadi trader. Keuangan: kapusan konco dewe. Njaluk diruwat. Asmara: gak payu2, ganti pelet karo menyane . 6. Gemini Penggawean sing cocok: Nyuluh welut, golek bekicot. Keuangan: ngedoli warisan mertuwo. Asmara: gak jelas sir-siran e lanang opo wedok. 7. Kanser Penggawean sing cocok: Macul, angon bebek, golek jangkrik. Keuangan: sekarat, atene bangkrut. Asmara: gak ono sing gelem, modal cupet dompet ngapret. 8. Leyo Penggawean sing cocok: dodolan suket karo dodolan daster. Keuangan :mbrebet . Asmara: ati2 bakal kepelet bintang film kartun 9. Libra Penggawean sing cocok: ngorek-orek larahan nek gak dadi tukang golek beling. Keuangan: gak enthos golek duwik. Asmara: malem minggu sir2anmu ngidam menek talang 10. Sekorpio Penggawean sing cocok: Ngelapi genthenge tonggo. Keuangan: podo mlarate, dikuras copet. Asmara: duwe sir-siran nggrik-ngriken. 11. Sagitariyus Penggawean sing cocok: Ngresiki kakus, nek ono wektu nyopeto. Keuangan: bojo purik njaluk mulih nang mertuwo. Asmara: ditempilingi ae karo bojo mu. 12. Kaprikorn Penggawean sing cocok: Dagang krupuk upil. Keuangan: Nguwatirno, waspada tukang panci nagih! Asmara: hambar, pacar mu njaluk rebonding kelek e ajur mumur.
Posted on: Thu, 04 Jul 2013 12:34:13 +0000

Trending Topics



Recently Viewed Topics




© 2015