h mengangkat derajat umat manusia dengan ilmu dan amal - TopicsExpress



          

h mengangkat derajat umat manusia dengan ilmu dan amal ,atas seluruh alam,sholawat dan salam semoga terlimpah atas baginda mukhammad rosululloh,pemimpin seluruh umat manusia,dan semoga pula tercurah atas keluarga dan para sahabatnya yang menjadi sumber ilmu dan hikmah. LA ILAHA ILALLAH HUL MALIKUL HAQUL MUBIN MUHAMMADUROSULULLAH SODIQUL WA’DIL AMIN > Gusti Sinuhun Nawuri Sorban Ngideri Masjid Minangka Hudan Di Pun Beber Nyai Mas Ayu Gandasari Saking Dermayu Duh Gusti Sae Temen Sorban Niki Kangge Sinten Jawab Gusti Sorban Niki Kangge Ummat Kanjeng Nabi. > Ummat Ingkang Furun Sholat Serta Nurut Perintah sunnah Perintah Allah Kang Den Pasti Ora Tinggal Sampe Mati Lamun Sira Dadi Wong Mamang alamate Bakal Ke Jurang Perintah Allah Perintah Rosul Ahli Nabi Di Pun singkur . > Ngaku Bisa Ning Syahadat Takabur Kang Luwih Berat Berate Ngaku Bisa Maka Allah Bakal Nyiksa Siksane Ka Sia2, sira Nyingkur ning Wong Mulya aja Sambat Kaniaya Bakal Teka Musuh Ira Sholat limang waktu sedina sewengi Terima kasie badan Alloh kang maringi Maca syahadat ping telu aja keliwat Duha tahajud tunjina dadi syarat Maca ya kafi ya fatah nuli karcis Nganggo jubah lawon putih ingkang percis Iku terang torekot syahadat solawat Dedalane derajat duwur syarif hidayat Rohe sholat ana nenem kang percaya Khusyu kudur paham heba roja haya Tegese khusyu anteng ati kulane Kudur iku ora pegot eling pangerane Paham ngerti ibadah syah Lan batale Hebah demen perentah Alloh lan rosule Roja ngarep-ngarep kita ning kenugrahan Haya wirang ngelakoni kasalahan * Bocah santri arep mendi sira nunute Ngintil rosul ora cocog syare’ate Ngaku demen kanjeng nabi demen apane Sembayange ora kaya kanjeng nabi aturane Kita demen kanjeng nabi Allohurobbi Terusaken demen maring ali nabi Syafa’ate kanjeng nabi luwih wani Ana umate manjing geni digogohi Sapa wonge manjing guru abah umar Kudu ngandel ning pitutur aja samar * Aduh gusti kula nuhun pangapunten Sekatae dosa kula ingkang wonten Gede cilik dosa ati dosane badan Mugi kersa ngampura gusti pangeran Bukah ati tutupana cacad kula Nuhun dipecat ati kula ingkang ala Bade sinten kang ngapura sekabeh dosa Anging gusti panjenengan kang kuasa Dosa samar panjenengan langkung periksa Mugi-mugi ngapura sekabeh dosa Gusti Alloh ngampura dosa angel apa Tapi delenge tobat sira kaya apa Alkhamdulillah kula muji kesyukuran Gusti Alloh kang nebihaken Kemusyrikan * Ayu santri ingkang paham pikirane Maring nadom aja bosen apalana Yen di kajih bisa weru ning anggone Yen wis weruh duwe ilmu ana kanggone Jaman dingin rapat wali cerbon girang Dipun imbal desa bulak Jatibarang Ngrundingaken maju mundure syahadat Gelem nampa apa beli kabeh rakyat Santri ngandel ning pituture syekhuna Ilmu amal iman islam ya sempurna Masjid mekkah sing nunggoni para wali Dipun imbal tanah jawi kebon melati Weruhana santrine syarif hidayat Dadi wali sebab ngaji syahadat Ngaji syahadat ilmune dadi manfa`at Nyelamet aken ning badan dunya akhirat Ngaji syahadat apa kuat apa beli Yen ora kuat nyabat nabi para wali Sangu mati dudu barang sing lemari sanggu mati syahadat sirri kang manjing ati Sira weruh terus geguru ning syahadat Ning timbulane gusti syarif hidayat Aja dumeh sira bisa ning syahadat Sira bisa ning syahadat mungguh ning adat Ayu wedi watir maras ning atine Akhir umur bokan blolih pangapurane Gage tangi bengi sholat tahajud Den paringi penjaluke wongkang sujud Jaluk apa ning dunya disediai Sugih pinter bener saking Ilahi Awak sira awan bengi kancanana Ingkang awas tindak laku titenana Yen kepengen dadi mukmin kudu ngalahi Aja wani madani akhire belai Poma aja wani sira nukari Ingetaken dadi batur mengko buri Arep tukar karo batur aja wani Yen wania sira iku nggo upan geni > Alloh Alloh Alloh ya rosululloh Kabeh badan kang nguasani gusti Alloh Nuhun-nuhun kekuatan jalanaken Ning perintahe kang sampun ridlokaken Lamon iman gelem nyebut asma pangeran Tetep aman murah sandang murah pangan Rokhman rokhim iku welas winelasan Maring umat maring Makhluk sepepadan Iki jaman wis akhir kari setitik Yen ora mikir gawe amal ora katik Jaman akhir ilmu ilang manfa’ate Bagen kiyai ahli tapa langka kramate Jaman akhir Sunnah nabi digeguyu Sing geguyu yakin pisan wong keliru Jaman akhir Sunnah nabi disengiti Bonggan sengit kejaba umate gusti Jaman akhir Sunnah nabi ora digawa Sing nyekeli luwih panas kenimbang wangwa Jaman akhir Sunnah nabi didugali Poma batur aja ucul diganduli Aduh awak kegila-gila bodone Ning syahadat ora gelem gegurune Dikon Pinter kita jawabe wis ngerti Ya gumede takabure sampe mati Gede-gedene dosa iku ya takabur Senajan ibadah ilang amale ajur lebur Dadi kaya leliwis sira umpamane Slulap slulup maning jumbul garing ning badane Kader talang bagen alim ning ilmune Udan gede mari udan langka banyune Ngaji sembahyang luwih akeh ganjarane Yen takabur ilang kabeh ganjarane Den obahaken ning Alloh langka ngerasane Sebab picek atine langka rasane Tetep dosa sebab kita ora ngerasa Aja mang-mang ning akherat dipun siksa Wong gumedeh takabure jero atine Ora ngerasa-ngerasa sampe ketekan mati Wis jamane kuwalik pikirane Wongalima ngadiraken ning ilmune Wong sugie ngadiraken ning barange Kang baguse wong bodohe langka wirange Gage eling poma-poma Kabeh batur Dandanana aja kongsi melebu kubur Iki zan terang wulan ning matane ngaku iman pada sungkan ngelakonane Zaman ahir kitab quran ngo omongan ning lakune ora doyan babar pisan Aduh santri eman temen gegurune ora tembus klakuan ning ahirat te Ati salim elinge terus-terusan Muji dzikir sewengi nikmat syukuran Alkhamdulillah Alloh paring kesabaran Saged ngamalaken wajib kesunnahan Syekhuna damar loro nuhun disuled Nggo ngobori ati picek ingkang wuled Awas batur luruh bener kang ati-ati Tuk setitik lakonana kudu bukti Tangekna ati badan sholat tahajud Ati nuju Alloh paring hasil maksud Ngaji syahadat luruh sabar lan tawakal Luruh tapa lan nerima enggal-enggal Awas santri ketipu maring nafsune Pada ngku-ngaku pinter-pinter apane Ngadiraken bisa tobat ora diandel Sebab tobate kaya dena mangan sambel Ngaku iman oranana ning pasrahe Jampi akeh kurang amal wajib Sunnahe Kula pasrah maring qodar maksa sumpeg Pesten ala ora iman jaluk ajeg Kula angon ning to’at mekso ketinggal Laku wajib lan Sunnah kurang tawakal Kula urip ning dunyane maksa seneng Nurut nafsu kurang tapa enak mindeng Alloh paring ning cecoban kurang sabar Tumiba blai iman kula maksa udar Dados peripun ning dunya kula uripe Ya sujude maring Alloh depe-depe Laku kula durung bener beneraken Buru-buru maring Alloh pasrahaken Kaya dene kula gawe wong-wongan Ya dipasang dienggone ning sandangan Ya delengen wong-wongan kelakuane Tenang nerima tawakal akeh sabare Awan selasa syekh jabar nguwasiataken Nuhun lampu ning syekhuna jalukaken Awas santri keputer pikirane Ningal dunya ngelalaiaken pengerane Buru-buru fahamaken syahadate Yen wis faham terus bisa ma’rifate Dodok bareng tunggal-tunggal panggonane Tapi beda ning tekad peningale Obah meneng aja melu-melu ngaku Yen melu ngaku ati nira masih beku Sifat mukmin lemes-lemes ning atine Kedadian kabeh-kabeh sing pengerane Ora bisa syahadate manjing ati Selagine wong munafek den enuti Wongkang kejem sira buntel ning syahadat Aja ngandel omongane wong maksiat Terus jujur ati badan kelakuane Eling Alloh nurut rosul ya buktine Sugih dunya lan akherat pengen beli Sebab sabab musabab ya diakali Sebab ngelakoni asbab nurut gurune Sugih melarat pasrahana pengerane Syekh jabar jaluk lampu jalukena Kita urip bareng-bareng ning dunyane Iki jaman bakal ngancik kapindone Haram gede badan kanggo tambakene Tulungana anak yatim fakir miskin Den paringi ora putek ora periyatin Maca nas dawuh Alloh bareng muni Aja mang-mang gusti rosul kang nakseni Tapi aja wani-wani gorohaken Ati ngucap kudu bisa buktikaken Cilaka temen sira kabeh sembayange Yen gumantil demen kabeh ning barange Senajan sembayang-sembayange nggo kadiran Cuma luruh kanggo sandang kelawan pangan Dulur islam ngati-ati jaman iki Kengelan pijere ngurusi rizki Dulur islam jaman niki wajib sabar Dosa yen sabar pasti udar Sabar nerima kita dunya laku bakti Sabar akherat tetep mukti Duwe cangkem waktu ngucap kesabaran Eling Alloh gelem nyebut ning pangeran Aja pada sulaya sira janjine Sira dosa bonggan kegawa matine Perasaan ngalih urip kang tawakal Pasti mulya tinurutan kabeh amal Dulur kabeh kang awas mata kupinge Fitnah gede tangga anak lan barange Ora bisa ngatur awak ya cilaka Nggo cawisan urub-urube neraka Tumibane wajib Sunnah ing hukume Akal nimbang putusan ya ning cangkeme Tapi akal hubungan karo pangeran Cangkem adil nganggo dawuh hadist Qur’an Ati bagus cangkem bagus ngilangaken Kesalahan kang sampun diturunaken Ibarate godong lempung lan banyune Ora nempel kabeh bala ning badane Sampun yakin guru ngecap ning batuke Nyerepaken syahadat maring batuke Alkhamdulillah dadi muride syekhuna Kang wis ngandel tambah mulya ora ina Nuli cocog eling amal hukumane Ahli Sunnah waljam’ah ya arane Ora cocog eling Alloh lan amale Muktazilah kejaba saking rosule Ora mukmin ora duwe ya syafa’at Selagine umat ridho ning maksiat Sapa wong nginjen-nginjen maring Alloh Den paringi nur Muhammad Qudrot Alloh Gelem lunga ngaji terus wudlu nunggu waktu Diampura dosane pada metu Yen kepengen disakseni malaikat Berjama’ah subuh ashar pada mangkat Malaikat nikelaken kawulane Nuhunaken ning Alloh pangapurane Pahamna syahadat loro maring ati Kira-kira aja luntur sampe mati Awan bengi ayu jaluk kang temenan Nuhun tetep nur Muhammad kang temenan Asorna kabeh badan ning sepepadan Njalanaken kabeh hukume pengeran Ayu batur ingkang terang lan waspada Aja kongsi syetan marek arep goda Sira terang ing syahadat ingkang sirri Iman islam sampai mati aja kari Oranana wong kang kuat ning ibadah Anging kelawan pitulunge Alloh ta’ala Syare’ate hakekote kita subur Wajib Sunnah lakonana aja nganggur Waktu sepi ana kang diarep-arep Waktu rame gelem tuku kang sekarep Ora eling Alloh rosul ning dunyane Ya disiksa awit dunya kuburane Wongkang mukmin kudu ana ning buktine Tanda bukti manut eling ning gurune Mikir wajib lan Sunnahe luwih awas Ora ketipu ning dunyane mikir beras Santri kiyai ngakune dadi ulama Wajib Sunnah lan sabare ora terima Jaman akhir pinter-pinter omongane Tapi ora gelem aman ning badane Tanda aman cangkem ati Lan badane Gelem pasrah nurut perintah agamane Syare’ate hakekote kita subur Wajib Sunnah lakonana aja nganggur Waktu sepi ana kang diarep-arep Waktu rame gelem tuku kang sekarep Ora eling Alloh rosul ning dunyane Ya disiksa awit dunya kuburane Wongkang mukmin kudu ana ning buktine Tanda bukti manut eling ning gurune Mikir wajib lan Sunnahe luwih awas Ora ketipu ning dunyane mikir beras Santri kiyai ngakune dadi ulama Wajib Sunnah lan sabare ora terima Aja ngaku obah meneng bisa dewek Ngaku bisa obah meneng ya munafik Wis mati badan kita hakekote Tapi gelem cocok kelawan Syare’ate Yen sira pada ngaku dadi wong mati Kudu eling nurut perintah kang sejati Dawu Gusti sampun wekas sampun Weleh Duwe kuping aja budeg gage eling Sopa Wange nemu guru sifat papat Gandulana ingkang kuat ajar lepat Ingkang dingin sipatipun muayadin Kapindone ingkang welas fakir miskin Kaping telu iku sifate jahidin Kaping pate ingkang welas ning wong mu’min Sebab luntur ning syahadat masih bodoh Maring guru ayo anut ayo nyelondo Dulur kabeh ayu gage ngemat syahadat Aja dumeh sira bisa ning syahadat Ning syahadat wong iku ora marek Tetep sira ning guri ana kang nekek Anjingna syahadat loro maring ati Akal eling maring Allah manfaati Syahadat loro pokok dasar kepinteran Sira ngaji ning syahadat eling pangeran Sebab syahadat kita bisa ngadohi cegah Kita ngatur maring anak nurut perintah Eling Allah kang kumantil Demen rosul ayu ngintil Aja kalah karo isine pendil Kapan bu kapan digotong katil Eling Allah kang sempurna Bisa ora b isa akalana Hayu batur luru selamet bebarengan Jaluk sugih dunia akherat kesenengan Alhasan tsummal husein Nagji syahadat aja leren Duha tahajjud dilakoni Hasan husein kang nyakseni Siapa wonge pengen sugih dunia akherat Awan kasab bengine kanggo munajat Mugi Allah ngempura ing dosa kula Lan dosane tiang sepuh kalih kula Lan dosane poro santri guru kula Lan dosane tiang islam sedaya Umat kanjeng nabi larang regane Umat kanjeng nabi syekhunal mukarrom gandulane Umat kanjeng nabi larang regane Umat kanjeng nabi syahadat loro kawitane Umat kanjeng nabi larang regane Umat kanjeng nabi sholawat tunjina wiridane Umat kanjeng nabi larang regane Umat kanjeng nabi dhukha tahajjud kelakuane Umat kanjeng nabi larang regane Umat kanjeng nabi sorban jubah pakeane Umat kanjeng nabi larang regane Umat kanjeng nabi tawasulan kesenengane Umat kanjeng nabi larang regane Umat kanjeng nabi eling Alloh ning atine Umat kanjeng nabi larang regane Umat kanjeng nabi ning suarga panggonane Bersenana ati kang banget kotore Toma hasud ujub ria takabure Kang berseni ati iku ya syeikhuna Sejenan langka ning adepan tetep ana Alkhamdulillah angsal fadhole pengeran Allah paring rohmat salam kanugerahan Alkhamdulillah dadi muride syeikhuna Kang percaya tambah mulya ora hina Alkhamdulillah dadi ‘ibadissolikhin Lanang wadon ngaji syahadat aja isin Untung temen anak isun luru ilmu Kita donga ganjarane bisa nemu Syahadat loro awan bengi dieling-eling Aja kongsi sira mati ora eling Umat zaman akhir kabeh bae pada tuna Yen wong tuna gageh gandul ning syeikhuna Umat zaman akhir kabeh bae pada rugi Yen wong rugi gage nggandul ning syekh hadi Amin amin ya Allah robbal ‘alamin Nuhun di qobul do’a kula tiang miskin Amin amin ya Allah robbal ‘alamin Mugi selamet sedayane tiang mu’min Amin amin ya Allah robbul ‘alamin Nuhun kegolong golongane tiang mu’min Syahadat tauhid bebarengan sifat kudrot Dadi isine batur kabeh aja wangot Kerasa –rasa kang rumasa kang ati-ati Ya pancene eling alloh jero ati Ngadeg dodok turon meneng kang ngobahaken Gusti Alloh awan bengi kang jalanaken Rasa terus obah meneng sekabehe Yen kerasa urip dunya prihatin bae Aja tuli lali budeg duwe kuping Sirik dengki ilmu ora bakal manjing Duwe badan ayu batur diberisi Eling alloh mesti bakal diwelasi Kang beresi ning badan dituruti Insya alloh tutung seneng sampai mati Krasa beli mata kita ning rusake Yen deleng dunya banget seneng ning awake Tapi deleng ning wong ngaji pada ngantuk Sebab nyata atine ngamprak raine deluk Yen elinga ati ira ora mumbul Melarat sugih ora niat luru unggul Iku nafsu durung tauhid ma’rifat islam Bagen ngaji qur’an hadis wis khatam Tapi kudu masrahaken ning rosule Kang miturut cuan pengot sira ngganduli Sebab syahadat ilmune dadi manfaat Nyelametaken awit dunya sampai akherat Syahadat iku benderane kabeh badan Kang syahadat tanda mong dijagal syetan Yaa mendeka ora ucul syahadate Yen ucula ning syahadat banget lecute Ngaku bisa ning syahadat bisa apane Dhohir batin ora nana kebagusane Kiyai santri ngakune bisa syahadat Tapi bukti senenge laku maksiat Dadi lacut ora ngandel enem perkara Ning pengebang ora ngejer lara wora Ning pengancam ora wedi ora gemeter Ngadiraken mulang kitab luwih pinter Ning perentahan wajib sunnah nyepeleaken Weru Sunni during adat mong jalanaken Ning cegahan haram riba kiyeng nerima Iku nafsu bagen pinter dalil ana Kiyang nafsu mangan wereng emong molah Padu kasil senajan nerajang salah Gusti alloh wis janjine ning makhluke Gawe bagus diwales bagus ya awake Aja nolak batur banget butuh Sira nulung marisaken imane teguh Ayu nyambat maring nabi para wali Lan malaikat nuhun diraksa dateng robbi Ayu nyambat maring nabi lan malaikat Lan ning wali tingkat gelar ning syahadat Sebab nyata awak kula masih bodoh Ngaji bisa nafsune masih ning anggo Duweh badan ora gelem muji syukur Lati atine saben dina lan tafakur Masih kurang ngudeg –ngudeg dunia ira Ning sembahyang saben dina larawora Lanang wadon gede cilik kon balapan Singkarana murtad haram kemusyrikan Ayu batur elingana melebuh kubur Yen wis melebu sira iku bakal ibur Siji roh ijroil teka mesti gugur Kubur iku werna pitu ingkang ibur Kapandone banda dunya emas picis Ahli waris iku kabeh ingkang manis Ping telune rabi ayu digawa uwong Sebab nyata pikir kita kewang kewong Kaping pate daginge di waris uler Sebab nyata urip kita banget keder Ping limane balunge di waris rayap Sebab nyata urip kita banget delap Ping neneme amal ira bakal kabur Gelem amal tekad ira ya takabur Ayu batur kita iku pasang weteng Senyatane kiyaine dikon dongeng Kaping pitu iblis teka waris iman Sebab sira ngaji syahadat ora temenan Iki nadom nuturaken wadahe syahadat Sholat dhukha sholat tahajud umur pundat Maca tunjina ba’da subuh nganti dhukha Patang puluh bengi tahajud awan dhukha Iki nadom nuturaken iman pada syahadat Patang puluh awan bengi aja telat Ba’da dhukha maca ya fatah ila rokhimi Ba’da tahajud maca yakafi ila mugehni Iki nadlom nuturakan bukahe syahadat Patang puluh awan bengi kango munajat Maca ina fatahna lakafatkham mubina Terus bahe neja lian ora kena Ati selamet pikir jujur eling alloh Pengen mulya gage manut rosululloh Bocah santri ingkang awas lan waspada Zaman akhir ake syetan pada goda Santri akeh maring sholat pada kelalen Sebab nyata ning syahadat oro open Nadom ingkang paham sing mengerti Yen pahama sira urip ana bukti Gelaraken syahadat loro pengen subur Sira urip aja pada ngelarani batur Batur ngelarani kudu sabar awak irane Syahadat manjing meski akeh sira sabare Guru mulang syahadat loro gage iman Pengen selamet dunya akherat kudu loman Syahadat tauhid iku LAA IlAHAILLAH Syahadat rosul muhammaddarrosullah Syahadat dhohir jasad ora kenang roh Roh obah kelawan izine Allah Syahadat bathin ora suara ora huruf Ambekan metu eling Allah cuan korup Syahadat tampa asyhadu iku ngelakonane Ning fardhu lan sunnah kanjeng nabine Syahadat sejati iku ingkang manjing ati Eling Allah rosulullah manfaati Ping pitune syahadat sejatine syahadat Ilmune Allah kang duweni ilmu kodrat Wong kang nyingkur ayat qur’an Tetep mati dadi syetan Pengen dadi umat rosul Gawea bagus aja ucul Langgeng ngaji lan berjama’ah Aja seneng sembahyang ning umah Gawe amal gage cawis Aja gelem dituntun Iblis Durung subuh gage tangiya Ati mati kesia – sia Aja jaluk kodrat irodat Jaluka ridho lan syafa’at Ma’nane syahadat wonten sekawan Kudu ngerti karena bakal kanggo gawan Anta lama yenta ngaweruhi sira Wata’takida lan nekadaken sira Watu’ mina yenta ngimanaken sira Watu’ soddik lan beneraken sira Sarate syahadat yaiku wonten gangsal Supaya dipun aji sampe apal Siji kudu gelem sekabehe hurufe Lan bener dawa cindak kandel tipise Lan kapindone kudu aja kepisah Antarane syahadat loro lngkang pisah Omong liyan atau meneng suwene Telu kudu tertib syahadat lorone Kaping pate kudu metukaken ati Maring ucapane cangkem ingkang titih Kaping lima kudu barengaken ati Maring ucapane ati ingkang ngerti Waktu dunia dikon milih werna loro Barang hak barang batal syahadat loro Eling Allah yaiku hake manusia Dadi dosa pikir musyrik ora kerasa Awal awale tobat iku syahadat loro Terus diwaca bersihaken jaba jero Wong kang milih barang batal yakin rusake Dunya akherat nyilakane ning awake Lanang wadon aja tinggal ning baktine Wadon solekha nyata iku ya arane Wadon pengen manunat ning lakine Ngati – ngati wadon bakti ning lakine Anak wadon melasa ning embok bapa Wadon nyingkur laki blolih apa-apa Syeikhuna mulang murid kang terima – terima Ayu bebalik ngeluhuraken ning agama
Posted on: Tue, 09 Jul 2013 15:38:35 +0000

Trending Topics



Recently Viewed Topics




© 2015