Critane paijo apel neng omahe srintel. Pokoke ganteng tenan si - TopicsExpress



          

Critane paijo apel neng omahe srintel. Pokoke ganteng tenan si paijo iki lur...nganggo sendal CARV*L (kasil nyolong masjid), jam tangan merk SE*KO (hadiah lotre), ugo ra ketinggalan clono pensil (hasil nyolong pemeane tanggane). .ckckck. . . Paijo : tok tok tok. .dik sri. .iki mas Jo teko. . . Srintel : (mbukak lawang nganti lawange ngantem untune paijo sing mrongos) ..oh koe mas. .arep ngopo koe mrene,,,?. . mending koe mulih wae mas.,, Paijo : bukane dijak mlebu malah diseneni(di marahi). .aku mrene yo arep apel koe to dik. .mosok apel mbahmu. .axixixi. . Srintel : mending saiki koe lungo wae mas. . aku wes kesel pacaran karo koe. . aku pengen awake dewe pedot mas. . mulai saiki LOE GUE END. . .!!! Paijo : lho opo salahku dik,,,, kok koe pengen pedot karo aku,,,?. Srintel : aku wis kesel pacaran karo koe mas. . pemuda pengangguran,aku njaluk opo2 ora tau mbok turuti. . aku njaluk es krim malah mbok tukoke es tung tung,aku pengen mie bakso malah mok tukoke sar*mi,aku pengen nonton film malah mbok ajak nonton banjir,aku pengen bakaran pitik malah mung bakaran larahan,aku njaluk pulsa bot-bote 5ewu, eeee... ndadak ngenteni payu lehmu adol pitek. . kesel aku mas. .keseeel. . pokoke saiki awake dhewe pedot,,! Paijo : tapi dik,,, niatku mrene ki jane arep. . . Srintel : arep ngopo mas. .haaa. .mending saiki koe lungo sing adoh,, ra sah balik rene meneh. . aku sepet nyawang rupamu paijo : jane niatku mrene ki arep NGAJAK KOE BLONJO NANG INDONGAPRET NUMPAK MOBIL X*NIA ANYARKU,,,, MERGO MAU AWAN AKU DIANGKAT DADI MANAGER NANG PT.KERE HORE ABADI. Srintel : oh nek ngono ayo mlebu ndisek mas,,,, arep ngombe susu opo jus?(karo mesem modus). Paijo : iyo dik. .aku ngombe jus wae,,,. Srintel : ngapurane ya mas. .aku mung guyon kok,ora tenanan. . . Awke dewe ora pedot tenan kok. . . Paijo : iyo dik tak ngapurani. .tapi awake dhewe ora sido pedot tenan tho?. . Srintel : iyo mas,,, awke dewe ora pedot tenan. .mau mung guyon. .ora tenanan. .hehew(nyengir jaran) paijo : tapi aku ugo njaluk ngapurane ya dik. . . Srintel : ngapuro mergo opo mas,,,, kan sampean ra salah. . .sing salah aku, guyon ku keterlaluan mas paijo : anu dik. .wong aku ki. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . "YO MUNG GUYON,ORA TENANAN DI ANGKAT DADI MANAGER". Srintel : (nggeblak soko kursi). .ooooo. .dadi koe ngapusi aku yo mas. . . Paijo : iyo dik. .ojo nesu yo. .dhewe ora sido pedot tenan kan. . . Srintel : ora mas. .tapi enteni sedelo yo. .aku arep nyang pawon. .sedelo wae. . . Paijo : matur suwun dik. .nyang pawon mesti arep nggawekke jus nggo aku yo. . (PD ra ketulungan). . . Srintel : ora mas. .tapi aku nyang pawon arep. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . "NJUPUK PACUL KANGGO MACUL COCOTMU !!!". Paijo : (mlayu jempalikan). , ,
Posted on: Thu, 18 Jul 2013 04:17:22 +0000

Trending Topics



Recently Viewed Topics




© 2015