Paribasan Saloko (3) Ladak kecangklak = wong kang angkuh nemoni - TopicsExpress



          

Paribasan Saloko (3) Ladak kecangklak = wong kang angkuh nemoni pakewuh marga tumindake dhewe Lahang karoban manis = wong kang rupane bagus-ayu tur luhur bebudene Lanang kemangi = wong lanang kang jirih Lawas-lawas kawongan godhong = wis lawas pangabdine, nanging ora banjur dibuwang, tanpa oleh pangkat Lebak ilining banyu = wong asor kanggo tiban-tiban yen ana prakara Ledhang-ledhang nemu pedhang = nemu kabegjan tanpa kanyana-nyana Legan golek momongan = wong kang wis kepenak malah njarag golek gawean (rekasa) Lambe satumang kari semerang = menehi pitutur nganti kesel, ora digubris Lumpuh ngideri jagad = duwe gegayuhan sing mokal kelakon Lungguh klasa gumelar = ora melu rekasa nanging nemu kepenak Macan guguh = wong gedhe (kuwasa) wis ora kajen keringan Madu balung tanpa isi = rebutan samubarang kang tanpa guna Malang-malang tanggung = ngewuhake, arep ditinggal nggrundel, yen dilokake ora mrantasi gawe Mancak wadhah tulupan = wis suwe nyambut gawe nanging tanpa duwe celengan Mecel manuk miber = sarwa kasembadan, sabarang tindake mawa kasil Mendhak alingan, wekasan katon = tumindak nylamur, nanging wekasan ngaku, jalaran konangan wong akeh Maju tatu mundur ajur = prakara kang sarwa ndadekake pakewuh, utawa mbudi daya kepiye wae nanging ora kasil Matang tuna numbak luput = tansah luput kabeh panggayuhane Mbuwang tilas = ethok-ethok ora ngerti marang tumindake kang ala kang dilakoni Meneng widara uleren = katone anteng nanging sejatine ala atine Menthung koja kena sembagine = rumangsane ngapusi, nanging sejatine malah kena apus Merangi tatal = mentahi rembug kang wis mateng Micakake wong melek = ora nganggep wong sing meruhi dhewe Midak sikil, njawil mungkur = kethikan ora ngetarani Midak tembelek ora penyek = ora duwe kekuwatan kanggo tandang gawe Mirong kampuh jingga = mbalela marang nagara Mrojol ing akerep = nyebal saka kalumrahaning wong akeh Milih-milih tebu boleng = kakehan milih, wekasan oleh kang ora becik Mikul dhuwur mendhem jero = bisa njunjung drajade wong tuwa Mubra-mubru mblabar madu = wong kang sarwa kecukupan Meneng kitiran = ora bisa anteng Mbrojol saselaning garu = ora ana sing madhani kepinterane, utawa wong kang luput saka bebaya Nabok nyilih tangan = tumindak ala kanthi kongkonan wong liya Naga mangsa tanpa cala = wong kang mrana-mrana ngrasani alaning liyan Ngagar metu kawul = ngojok-ojoki supaya dadi pasulayan, nanging sing diojok-ojoki ora mempan Ngajari bebek nglangi = panggawean sing ora ana paedahe Ngalasake Negara = wong sing ora manut pranatane Negara Ngalem legining gula = ngalembana kapinterane wong kang pancen pinter (sugih) Ngaturake kidang lumayu = ngaturake barang kang wis ora ana Nagara mawa tata, desa mawa cara = saben papan duwe adapt lan aturan dhewe-dhewe Nampel puluk = mitenah kabegjane wong liya Nandur wiji keli = ngopeni turune wong kasrakat Nasabi dhengkul = nutup-nutupi kekurangane sadulur supaya oleh kauntungan Natas tali gumantung = putusan kang ora ana kawusanane Nebak wong mangan = gawe rugine wong kang oleh kamukten Nemu kuwuk = wong njaluk tulung marang liyan ora nganggo mara ing omahe Ninggal bocah ing waton = nyumelangake samubarang sing wis kelakon Nitipake daging serep = titip anak wadon marang besan Nucuk ngiberake = wis disuguh mulihe isih mbrekat suguhan Nulung menthung = karepe aweh welas, nanging malah gawe rekasane Nuntumake balung pisah = bebesanan karo sedulur kang wis adoh alurane Nututi baling wis tiba = njabel wicara kang wis kawetu Nututi kidang lumayu = nguyak samubarang kang durung cetha lan durung mesthi olehe Ngadu singating andaka = gawe dukaning panggedhe Ngadhepi celeng boloten = cedhak-cedhak wong ala bebudene Nglungguhi klasa gumelar = nindakake pegawean kang wis tumata Ngotragake gunung = wong cilik-asor bisa ngalahake wong gedhe-luhur, nganti gawe kagete wong akeh Nguthik-uthik macan dhedhe = njarag wong kang wis lilih nepsune Nguyahi segara = weweh marang wong sugih kang ora ana pituwase Nyangoni kawula minggat = ndandani barang kang tansah rusak Nguthik-uthik macan turu = gawe nesu (golek gaweyan) Nyolong pethek = luput saka pangira Ngobak banyu bening = gawe rerusuh ing papan kang tentrem Nguyahi segara = nulung wong sing kecukupan Nandur pari jero = gawe ngamal kabecikan Nututi layangan pedhot = nggoleki barang sing angel ketemune Ngaji mumpung = ngatogake kekarepan mumpung ana wektu becik Ngalem legining gula = ngalem kepinterane wong winasis Ngandel tali gedebog = mrecaya barang kang ora mitayani Ngantuk nemu kethuk = enak-enak ora nyambut gawe nanging oleh kabegjan Ngangsu banyu ing kranjang = golek ngelmu nanging ora pinter marga ngelmune Ngaub ngawar-awar = golek pangayoman marang wongmiskin Nguwod gedebog = wong nemu kacilakan merga panggawene wong liya Nguyang lara nempur pati = njarag marang kacilakan Nguyuh aling-alingan sada = ngumpetake kekurangane, nanging ora murwat lan sranane Ngabuk wong meteng = milara wong kang tanpa daya Ngemping lara nggenjah pati = njarag marang kasangsaran Ngempukake watu item = nganggep remeh prakara abot Ngemut legining gula = ngrumat baranging liyan, bareng ngreti yen ana gunane banjur dipek dhewe, ora diwenehake sing duwe Ngenteni timbale watu item = ngarep-arep samubarang kang ora bakal teka Ngetutake poncoting tapih = melu sapari lungane bojo Nggepuk kemiri kopong = tumandang gawe kang tanpa pituwas Nglancipi singating andaka = natang wong kang kawasa Nglangi ing tengah mati ing pinggir = apa kang digarap tanpa karampungan Nglumahake, ngurepake = bebesanan anak loro lanang wadon padha nggawa lan padha olehe Ngarebake sikut = nenonton mung kanggo golek sukan-sukan Ngrampek-ngrampek kethek = nyanak marang wong ala Ngrangsang-ngrangsang tuna = samubrang kang ginayuh ora kena Ngrusak pager ayu = ndhemeni bojoning liyan Nrenggiling api mati = wong ethok-ethok ora ngrungu guneme liyan, nanging sabenere niling-nilingake Numpal keli = wong lelungan mung nunut kancane Nusup ngayam alas = wong lelungan kanthi mlebu metu padesan lan ngliwati omah-omahe wong akeh Nyambung watang putung = ngruunake sedulur kang cecongkrahan Nyawat mbalang wohe = duwe panpgangkah sarana pitulungane sedulur sing diangkah Nyeret pring saka pucuk = pagawean gampang malah dingel-ngel Nyundhang bathang bantheng = ngangkat priyayi turunane bangsa luhur kang wis ora duwe pangawasa Nyunggi lumpang kentheng = rabi ayu turune wong luhur Obor blarak = mung sawetara wae Obah owah = barang dadi becik mbutuhake wragad Obah mamah = yen gelem makarya, bakale akeh rejeki Obah ngarep kobet mburi = wani rekasa dhisik, mbesuke bakal kepenak Opor bebek, mentas dhewek = rampungae saka reka dayane dhewe Ora ana banyu mili mandhuwur = watak iku tumurun marang anak Ora ana kukus tanpa geni = ora ana akibta tanpa sebab Ora gonja ora unus = wis rupane ala, bebudene uga ala Ora jaman ora makam = ora genah asal kamulane Ora mambu enthong irus = ora ana sambung rapete bab aluran paseduluran Ora ngerti kenthang kimpule = ora weruh prakara sing dirembug Ora polo ora uteg = bodho banget Ora tembung ora lawung = njupuk barange liyan tanpa jawab Ora weruh alip bengkonge = ora ngreti aksara Othak-athik didudut angel = katone sarwa ganpang bareng ditemenani ora ana nyatane Ora kingan ora udut = ora mangan apa-apa Ora uwur ora sembur = ora gelem cawe-cawe (aweh pitulung) Palang mangan tandur = wong kang diwenehi kapercayan njaga nanging malah ngrusak Pandengan karo srengenge = memungsuhan karo panguwasane Pandhitane antake = laire katon suci batine ala Pecruk tunggu bara = wong kang dipasrahi tunggu barang kang dimelik (dadi kesenengane) Pupur sadurunge benjut = becik jaga-jaga utawa tumindak ngati-ati Pupur sawise benjut = ngati-ati sawise nemu bebaya Pinter keblinger busuk ketekuk = sarwa cilaka, tansah kena paeka Pitik trondhol diumbar ing padaringan = wong miskin dipracaya manggon ing papan kang mubra-mubru pangan Pupur sawise benjut = tumindak ngati-ati bareng wis ketaman Raga tanpa mule = rana-rene mung disawiyah, ora kajen Rupak jagade = ora duwe papan pasrawungan Rame ing gawe, sepi ing pamrih = gelem tandang gawe ora amarga golek opah Ramban-ramban tanggung = wong ngira alaning liyan, nanging isih ragu-ragu Rawe-rawe rantas, malang-malang putung = sakehing pepalang bisa disingkirake Rampek-rampek kethek = wong kang nyedhak-nyedhak wong ala, ora wurung oleh piala saka wong iku Rebut balung tanpa isi = pasulayan marga barang kang sepele Regem-regem kemarung = wong kang ngrangkani wong liya kang sok nglarani (gawe cilaka) Renggang gula kumepyur pulut = wong kang raket banget anggone kekancan Rindhik asu digitik = dikongkon nindakake pegawean kang ora cocog karo kekarepane Rupa nggendhong rega = merga barange apik mula regane ya larang Rukun agawa santosa, crah agawe bubrah = yen padha rukun mesthi padha santosa, yen padha congkrah mesthi bakal rusak Rubuh-rubuh gedhang = wong kang ela-elu tumindake liyan (melu-melu) Sing salah seleh = sing salah bakal nampa akibate Sembur-sembur adas, siram-siram bayem = bisa kaleksanan marga pandongane wong akeh Sadumuk bathuk sanyari bumi = pasulayan dilabuhi toh pati Satru munggwing cangklakan = wong kang dadi mungsuh ing lingkungan sanak sedulur Satu munggwing rimbagan = wong loro kang anggone kekancan padha cocoge Suduk gunting tatu loro = nampa kesusahan (kasangsaran) bareng-bareng (ngiwa nengen) Sabar sareh mesthi bakal pikoleh = tumindak samubrang aja kesusu Sabaya pati sabaya mukti = kerukunan nganti tekaning pati Sadumuk bathuk senyari bumi = pasulayan nganti dilabuhi tekan pati Sandhing kirik gudhigen = wong kang srawung karo wong ala, ora wurung ketularan alane Sandhing kebo gupak = wong kang cedhak wong tumindak ala, bisa-bisa katut ala Sanggar waringin = wong kang dadi pangayomane wong akeh Sepi ing pamrih rame ing gawe = nindakake pagawean kanthi ora duwe kamelikan apa-apa Sluman-slumun slamet = sanajan kurang ngati-ati nanging isih diparingi slamet Sumur lumaku tinimba, gong lumaku tinabuh = wong kang geleme tumandang gawe yen diajak utawa dikancani wong sing wis pinter Sadawa-dawane lurung isih dawa gurung = kabar iku mesthi sumebar adoh, lan adoh karo kanyatane Sapikul sagendhongan = andum barang kanthi kukum kang murwat lan kaanane Sendhen kayu aking = prakaran gondhelan wong kang wis mati Singidan nemu macan = dhelikan marga tumindak ala nanging malah kawruhan panggedhene Si gedheg lan si anthuk = wong loro kang wis padha kangsen tumindak ala bebarengan Simbar tumrap sela = wong kang uripe ngrekasa, awit ora duwe sumber pangan sing gumathok
Posted on: Mon, 22 Jul 2013 03:15:43 +0000

Trending Topics



Recently Viewed Topics




© 2015