Umpamané embun sing rumempél ning gegodongan wayah esuk juput - TopicsExpress



          

Umpamané embun sing rumempél ning gegodongan wayah esuk juput pun kepatuk srengéngé muncrataken cahya mbencar-mbencar kumerlob kesawang kaya déné mutiara gawé bungah ning pikiran, gawé anteng ning sajeroné badan Sering-seringe ning guri umah sewaktuné ésuk-ésuk wonten abane ayam jago kukuluruk, nangékna wong turu sun ora sanggup ndingkluk senajana akéh cukulan kapuk godong ijo royo-royo ditémpéli embun ning wayah ésuk Wit klapa teng pepojokan pun kathah medhalaken bluluk godhong garingé ngangkluk-ngangkluk nyuwun dipun lorodi, lumayan kena nggo urub-urub, adang sega wadang mbuh ngoréng krupuk nyawang pari ning sawae tangga langka sing gabuk,alias bapuk ati jembar teka ning esuk nandur gedang woé klutuk ora dué duit sepeser gigiré gatel garuk-garuk. Jamane sekien akéh wong padha kasak-kusuk, nembusi birokrasi pemrentahan nguataken nasib sing kaya kuwuk bungkem mingkem pribasane Kelingan bengien angel beras, mangan cengkaruk senajan beda ékonominé bisa bareng tresna, cintane gathuk nanging yén kurang sandang pangan mbuh seringé sampéyan ngamuk mecah klapa ijo jéh ngejebul punuk. 02112013
Posted on: Mon, 04 Nov 2013 04:01:51 +0000

Trending Topics



2188451763600">AIR POWER TESTIMONY Completely Healed After You Prayed For
ইদানিংকালের হরতালে
Neste texto, meu marido, Claudio Freire, faz um breve histórico
Mogoditshane Right behind City View Lodge A fantastic 2
Why did Jesus have to suffer so badly? Some think that Jesus
DISNEY MINNIE MOUSE SECOND birthday party supply balloons
3M 30702 Hookit 334U Purple 70 mm x 12 m P500 Grit Clean Sanding

Recently Viewed Topics




© 2015