manfaat ngerokok# Ternyata lek dipikir-pikir ngerokok iku yo - TopicsExpress



          

manfaat ngerokok# Ternyata lek dipikir-pikir ngerokok iku yo onok manfaate loh rek, emange opo ae manfaate ? nyoh simaken dewe ! 1. Lek misale onok rokok lugur terus garai kobongan, iku isok garai pemadam kebakaran duwe kerjoan, dadi ibarate uwong ngerokok iku isok garai pemadam kebakaran gak nganggur nang kantore ! 2. Isok ngewangi program KB nang Indonesia, soale eroh dewe lek ngerokok iku isok nyebabno gangguan kehamilan karo janin ! 3. Isok garai nyamuk, bojo sampek anak podo ngaleh kabeh, soale gak betah karo beluke ! 4. Melok mensejahterano pabrik obat watuk, soale uwong ngerokok lek terlalu nemen isok garai watuk-watuk sampek muntah busi sisan ! 5. Isok garai oleh konco anyar, contohne oleh konco dokter spesialis paru-paru, dokter spesialis kanker, sampek dokter spesialis kelamin ! 6. Isok nambah penghasilane klinik, puskesmas, sampek rumah sakit ! 7. Melok berperan aktif ngewangi programe pemerintah dalam ngurangi jumlah penduduk Indonesia ! 8. Lah lek wes mari ngewangi programe pemerintah, berarti uwong ngerokok yo melok mensejahterano tukang gali kubur sisan ! Lah saiki tugasmu yoiku nyebarno informasi iki nang konco-koncomu seng senengane ngerokok, supoyo luwih giat maneh ngerokoke. Dadine koen kabeh ojok wedi mati gara-gara ngerokok, soale iku cumak masalah waktu karo takdir thok rek !
Posted on: Mon, 11 Nov 2013 09:30:31 +0000

Trending Topics



Recently Viewed Topics




© 2015