Said-Kalijaga, Langit-Donya Sapa kang ndeleng ing walike - TopicsExpress



          

Said-Kalijaga, Langit-Donya Sapa kang ndeleng ing walike peteng Kuwi, sapa kang mencep lan krasa landep Ing ati kuwi, sapa kang ngibas-ngibasake kipas Hawane kaya lesus kang nrabas Anggonku napak tilasi: ati Mati, lan nguripi... Napas nepsu sun dadi kedung Kang mayekti ing sebarang werna Wernaning bumi, plung... Kaya swarane kodok kang nyemplung Ing leng-leng, luweng Kang wus dakdeleng, tur peteng Gung.... Pedut kaya ndudut rasa, ing dada, marang swara Kang ngaruara ing pandosa Pandosaning donya Donya sun kang wus dakringkes ing pasemon-pasemon Gurit Kang nyelurit marang kulit Rasa Duh, Wus dakkandut kanti iklas, swarnaning napas Kaya sukma kawekas, uga tilas Kang rinacik ing klaras-klaras kanyatan Jati, kang dadi dumadi Sun isih suwung! Nyengkuyung samubarang kang temlawung Kaya udan kang rinakit langit Dadi kaendahan, uga sengit Mung donga kang bisa dadi lapis-legite ati Kang angucap marang wijil sejati Kang mijil ing lati Hong wilaheng, sun isih aeng! Reronce ati iki saya suwe, saya ngawe-ngawe Marang marga kang durung kajaga Marang ati kang durung ngeli Ing kali-kali... Sun durung kalijaga Sun isih said kang lumaku ing dalan-dalan Pait, kebak dedemit Nuju dununge petit Punjere langit
Posted on: Fri, 18 Oct 2013 06:15:21 +0000

Trending Topics



Recently Viewed Topics




© 2015