mBuwang ala nemu becik. mBuwang becik nemu ala. Ala lan becik - TopicsExpress



          

mBuwang ala nemu becik. mBuwang becik nemu ala. Ala lan becik iku kaya campur ulet-uletan, sanepane kaya kacang godhog saundhung ing tampah. Kacang iku campur antarane sing mentes lan sing gabug. Sapa sing seneng mbuwangi kacang-kacang sing ala (gabug) bakal nemu kacang - kacang sing becik (mentes). Lan sapa sing seneng mbuwangi kacang-kacang sing becik (mentes) bakal nemu kacang- kacang sing ala (gabug). Sing aran kabecikan iku akeh banget cacahe, bisa pirang- pirang puluh ewu utawa luwih menawa dicathet siji lan sijine, utawa ora bisa dicathet kabeh saka banget akehe. Nanging wong sing alus rasane seneng olah kabecikan bisa kanthi gampang enggone milah-milah, yaiku kanthi sregep mbuwangi sing ala kaya sanepane kacang godhog ing tampah iku. Dibuwangi, disingkirake, ora dilakoni. Kacang sing keri ing tampah ya kari sing mentes-mentes, yaiku kang migunani tumraping jiwa lan ragane. Dadi jroning nglakoni urip iki, wong kari gumantung ing niyate. Yen wis wungkul niyate kepengin nglakoni sing mentes-mentes ya kudu sregep mbuwangi sing ala. Aja nganti kwalik saka petenging pikir, sing mentes-mentes malah dibuwangi.*
Posted on: Wed, 13 Nov 2013 20:47:49 +0000

Trending Topics



Recently Viewed Topics




© 2015