Guyon Boso Jowo Kerja pancen ora gampang G : Kowe nduwe omah opo - TopicsExpress



          

Guyon Boso Jowo Kerja pancen ora gampang G : Kowe nduwe omah opo ora.....? a : dereng.... G : Wah kowe ora iso ketompo nang kene a : Lho kok ngaten........? G : Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan. a : Ah.. mboten kok, Sak janipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih. G : Yo malah ora ketompo a : Lho kok ngaten.....? G : Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong ae. ******************** G : Kowe nduwe motor opo ora....? b : Mboten. G : Ora ketompo b : Lho kok mboten ketompo ? G : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit. b : Sak janipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke kulo beto ngriki. G : Wah malah ra ketompo.... b : lho kok ngoten G : Tempat parkire wis ra cukup. ******************** G : Kowé wis lulus sarjana tenan.....? c : sampun pak.... G : Ora ketompo, kéné iki golék sing SMA aé, luwih manutan lan bén mbayarémurah c : Sak janipun kulo tasih badhe skripsi G : Malah ora ketompo..... c : Lho kados pundi to....? G : Mengko kowé kerjo mung ngetik skripsi, lék wis lulus mesti golék kerjo neng perusahaan liyo. ******************** G : Kowé seneng guyon opo ora ? d : Mboten pak, kulo serius nék nyambut gawé. G: Ra ketompo..... d : waa......kok ngoten? G : Engko konco koncomu lan anak buahmu podho stress. d : Sak jané nggih sekedhik sekedhik seneng guyon. G: Malah ora ketompo. d : Lho kok...... G: Engko kowé mung email emailan sing lucu....... ******************** G : Kowé mau mréné numpak opo ? e : Nitih mobil G : Kowé ora ketompo e : Sebabipun ? G : Saiki BBM mundhak terus, mengko kowé njaluk mundhak bayar terus e : Wo, kulo wau namung mboncèng, kok G : Tambah ora ketompo e : Lho, lha kok ... ? G : Mengko mung gawéné mboncéng mobil kantor. Ngrusuhi ! ¬******************** G : Anakmu akèh opo sithik ? f : Kathah pak G : Kowé ora ketompo f : Sebabipun ? G : Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe uanaaaaaak terus f : Lha wong namung anak adopsi, kok. G : Tambah ora ketompo f : Lho, lha kok ... ? G : Gawé anak baé aras2en, opo manèh nyambut gawé ******************** G : Kowé wis ngerti gawéyanmu durung ? h : Dèrèng G : Kowé ora ketompo h : Sebabipun ? G : Arep nyambut gawé kok ora ngerti gaweyané ? h : Oo, nèk damelan niku mpun ngertos kok G : Tambah ora ketompo h : Lho, lha kok ... ? G : Kowé rak mung arep keminter, to ? ******************** G : Kowe ngerti kahanan kantor kéné durung k : Dèrèng G : Kowé ora ketompo k : Sebabipun ? G : Arep nyambut gawé kok ora ngerti kantoré ? k : Wo, sekedhik2 mpun ngertos kok G : Tambah ora ketompo k : Lho, lha kok ... ? G : Kowé senengané ngudhal-udhal wewadi kantor, to ? ******************** G : Kowé kerep loro ? m : Mboten G : Kowé ora ketompo m : Sebabipun ? G : Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering m : Wah, sakjanipun nggih asring G : Tambah ora ketompo m : Lho, lha kok ... ? G : Kantor iki ora nompo karyawan pileren. ******************** G : Kowé biso main Internét ? n : mBoten G : Kowé ora ketompo n : Sebabipun ? G : Perusahaan ora nompo BI (Buta Internet) n : Wah, sakjanipun nggih saged G : Tambah ora ketompo n : Lho, lha kok ... ? G : Mesthi ora bakal nyambut gawé, kakèhan dolanan Internet, to? Ngenték-entekké pulsa ! ******************** G : Kowe waras opo ora? o : Lha, kulo nggih waras to Pak. G : Ra ketompo....... o : Kenging nopo .....? G : Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene. o : Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan. G : Malah ra ketompo...... o : Pripun to niki....? G : Mengko aku duwe saingan..........
Posted on: Fri, 05 Jul 2013 13:51:22 +0000

Trending Topics



Recently Viewed Topics




© 2015