PEPELING:... Senajan kebak nikmat aja pada nganti salin sarengat, - TopicsExpress



          

PEPELING:... Senajan kebak nikmat aja pada nganti salin sarengat, kebak kawibawan aja pada ora kelingan, kebak banda dunya aja nganti lali wong tuwa lan sapada-pada. Kabeh sing awak dhewe duweni kuwi mung sampirane wong urip ning alam dunya. Aja nganti nyorok bengkok tangga kanca lan sedulur, midak hak wong cilik kang kesrakat lan papa cintraka. Aja nganti garwa ayu utawa bagus ndadeake awak dhewe lali marang eling lan manembah Gusti Allah ana ing wektu kang wis den tetepake. Jungkir walik nyambut gawe kudu den lakone kanti manah kang ikhlas, lembah manah, adoh saka prasangka elek apa maneh tanpa den landesi rasa syukur. Yuswa saya dina tambah, nanging jathah wektu urip suda mbaka sithik. Kabeh wektu kudu den aji mawi tumindak becik tumrap pribadi, keluwarga, tangga lan kanca, sing cedhak lan adoh. Pada sebarna rasa tresna, cilikna rasa sengit, jembarna manah kanggo nepa selira wong liya kang kagungan tinemu beda, senajan yen dirasa lara neng ati. Mumpung padhang rembulane, mumpung jembar kalangane, ayo padha nyaheni penggawe, tumindak, lan ngamal ing sak barang wektu lan panggonan. Aja nganti nesu yen ana sanak kadang lan kanca kang ngelingake awak dhewe kanggo bali marang dalan sing bener tumrape pranata agama lan kasusilan masyarakat. Awak dhewe pada bisa laku bener iku merga ana pranata eling-ngelingake lan liyane. Senajan Bapak utawa lan Ibu wis padha kondur mring Paseban Jati, nanging aja padha lali tansah ndedonga lan nyuwunaken pangapuro, apa maneh menawi isih pada sugeng. Ana pirang-pirang perkara cilik mbok wong tuwa sakloron ngrepoti, nangin aja pisan-pisan padha ora sabar banjur bentak lan rumangsa kesel ngurusi wong sepuh. Ya ngana kuwi repote wong tuwa nalika awak dhewe isih bayi lan bocah, nanging ora padha nesu karo awak dhewe biyen. Tangia tengah bengi utawa 1/3 wengi terakhir, pada ndongao sing prayaga, kareben wong tuwa lan anak bojo awak dhewe pada padang pikir lan pangrasane, kepenak dhalan uripe, lan ora okeh mbantah marang wong tuwa,..
Posted on: Sat, 13 Jul 2013 02:56:53 +0000

Trending Topics



Recently Viewed Topics




© 2015